Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Senin, 01 Desember 2014

Pisungsung

Pisungsung Dening: Moch.Nursjahid ukara iki rak ora nyangklak ta, bapak minangka pisungsung lan atur panuwunku rikala aku kesasar ana tengah dalan panjenengan paring obor pepadang rikala aku bingung kelangan gegondelan panjenengan paring teken kasantosan ukara iki rak ora nyangklak ta, bapak minangka pisungsung lan atur panuwunku wiji pari kang dak dhedher wingi saiki wis semi prawan sengkeran kang dak tresnani saiki nagih janji tembangku iki rak ora ampang ta, bapak minangka pisungsunglan atur panuwunku rikala aku ngorong kasatan panjenengan paring banyu bening saklenthing rikala aku mutung kelu ing pambidung panjenengan paring daya panyurung tembangku iki rak ora ampang ta, bapak minangka pisungsunglan atur panuwunku rikala aku rangu-rangu panjenengan paring donga pangestu rikala...

Diamput, Sepatuku Ilang ndhuk Mejid

Diamput, Sepatuku Ilang ndhuk Mejid Dening: Suparto Brata Diamput! Sepatuku ilang ndhuk mejid. Iki gara-gara sholat Jumat ndhuk mejid enyar cedhake kantorku. Diamput, ejik enyar wis nggawa korban! Cik nemene! Ngene critane. Dina Jumat, aku telat mlebu kantor. Nggelani, esuk-esuk udan! Lagek musime ancene. Rada daksrantekna mendhane gremis, cik gak nemen-nemen kebes. Jumat hare! Aku pengin sembahyang ndhuk mejid enyar cedhak kantor. Nganyeri. Mulakna klambiku mlebu kantor ojok sampek kebes. “Ran! Koën diteleki Pak Darji! Kaet maeng! Cepet ngadhepa!” “Ook, pancet aé, Pak Ganda iku! Isuk-isuk wis gègèran!” “Lho, gak guyon aku! Gak pecaya, mranaa tah!” “Ran! Mrenea, Ran!” swarane Pak Darji saka kamare. Temen, gak guyon Pak Ganda esuk iki. Mboktalah! Masiya jenengku Yadiran,...

Kenya Rok Biru

Kenya Rok Biru dèning: Any Asmara, Wisana rong dina iki aku ana ing kutha Ngayojakarta, perlu jagong mantèn. Mantèné mitraku tunggal jawatan, Radèn Suparta, inspèktur pulisi saka Muntilan, olèh Rara Tisnawati, putrané Radèn Penèwu Ranusuganda, ing kampung Tegalpanggung. Ketemuning mantèn diramèkaké nganggo nanggap wayang kulit. Tamuné akèh, nganti tarubé mèh ora kamot. Apa manèh sing padha nonton, wah akèhé ora karu-karuwan, nganti padhet, mblabar tekan dalan gedhé. Dhasar dhalangé pancèn wiskondhang apiké, mula ora anggumunaké banget yèn nganti semono akèhé sing padha nonton. Aku dhéwé ya nganti ngebyar. Lungguhku ana sakburiné kelir, dadi cetha menyang critané. Lakoné Bagawan Mintaraga. Bareng wayangwis bubar aku nembé krasa ngantuk lan kesel, mulané aku banjur...

Tumbal

Tumbal Dening: Tri Wiyono Sêjatiné abót anggónku nindakaké pakaryan iki. Nangíng piyé manèh. Aku múng sakwijiníng bawahan síng kudu loyal marang atasan. Kamångkå atasanku Drs Sêngkuni SH MBA wís nginstruksèkaké yèn proyèk iki kudu di-mark up. Mbúh piyé carané síng pênting kabèh bisa olèh pangan. Pancèn iki konsêkuènsiné nduwèni jabatan síng stratêgis kåyå awakku iki. Tak akóni sakwisé dadi Kasubag Pêngêlolaan Proyèk iki rêjêkiku mbanyu mili. Paribasan nganti kåyå diwènèh-wènèhi. Nangíng yèn ånå pêrkårå síng kåyå mêngkéné aku ugå kudu wani ndhadhagi. Awít yèn ora, biså dipêsthèkké yèn tahún ngarêp aku mêsthi bakal dimutasi. “Wís tå Dík Har, ora sah dipikirké abót-abót. Soal wóng såkå KPK, mêngko aku síng mback-up wís,” mangkono pangandikané atasanku kasêbút íng sak wijiníng...

Kangen

Kangen Dening: Sugiarto B Darmawan “Man, geneya rembulan ing ndhuwur kana kae katon pucet? Ora padhang kaya biyasane.” “Ah… rembulan ing kene sunare kalah karo sunare lampu mercury, Min. Iki kutha gedhe, Min, dudu desa sing sepi lan peteng kaya desane dhewe.” “Man, geneya awake dhewe ninggalake desane awake dhewe. Geneya, Man?” Parman ora nyauri pitakon kuwi. Sarmin sing nyelehake sirahe ing dhengkule uga meneng. Angin adhem sumilir alon nerak sepining swasana. Dalan ing sangarepe wengi iku sepi nyenyet. Mung siji loro pit montor sing liwat banter miyak sepining swasana. Sawuse kuwi sepi maneh. “Man, geneya rembulan ing ndhuwur kae pucet, Man?” Sarmin takon maneh sawuse meneng sauntara wektu. Parman sing wis wiwit liyer-liyer ngantuk gragapan. Abot rasane arep njawab,...

Katresnan Bisa Semi Ing Sadhèngah Papan

Katresnan Bisa Semi Ing Sadhèngah Papan Dening:  Arswendo Atmowiloto  Urip ana paran kaya dénéJakartaiki kanggoku susah. Sepisan: susah mangané. Karepku mono mangan sing murah nanging cocog. Ya merga ilatku kulina sega lemes kaya Sala, kepeksa rada njondhil ngrasakaké sing yèn ana ngomah tampikan merga pera. Apa manèh lawuhé sarwa pedhes. Jan, nyepetaké kuru! Mula kerep waé aku dadi kenès lan keladuk kecangkeman, yèn pinuju mangan ing warung. Sing dadi langgananku mau: sawijining warung sing saliyané kemproh yèn nggoreng tahu ora tau mateng, mesthi setengah mateng. Kamangka karemanku tahu garing. Ning ya kepeksa, aku ajeg ing warung mau, apesé sedina sepisan utawa kaping pindho yèn pinuju ora kantoran. Jer pancèn kudu diirit-irit; dhuwit cupet. Ora pisan...

Nyuwun Pamit Kyai

Nyuwun Pamit Kyai Dèning : Soebagijo IN Lakuné disengkakaké, daya-daya ènggala tekan ngomah. Merga, kejaba wektunéwismburu, liré sedhèla engkaswismèh manjing Magrib, uga ana warta sing kudu ditekakaké marang Kyai.Wartaiki yektiné dudu kabar anyar tumrap Kyai Idris. Wong kabar sepisanan bab sing gegayutan karo iki dhèwèké krungu uga saka Kyai Idris mau. Ming baé, dhèk semana isih capet-capet, durung jablas temenan. Dhawuhé Kyai Idris marang para murid-muridé: “Anu lo, lé, ing samengko Pamarèntah wus ngidinaké marang aku kabèh, para umat Islam, yasa barisan mirunggan, jenengé “Hizbu”llah”, tegesé “Prajuriting Pangèran” . ..” Dhèk semana Iskak ya mèlu ngrungokaké. Wong dhèwèké kapinujon ana kono. Ming baè nalika kuwi dhèwèké durung ngreti temenan, apa preluné lan apa paedahé...

CERITA BAHASA JAWA

Sesuk Wis Riyaya dening: Esmiet Olehe mancal sepedhah disepud. Daya-daya tekan omah cet ijo duweke kancane dhek ana ing SPMA biyen. Marga lintange sumunar, Kirja bisa dadi kepala LP3. Marga Supirah, dheweke ora bisa nerusake sekolah kaya Kirja. Dina-dina sekolah dianggo sir-siran bae. Nganti nunggak rong taun. Wong tuwane bosen ngragadi, banjur ora dikirimi dhuwit kanggo urip ana kutha. Dheweke metu saka sekolah jalaran rupa-rupa. Marga pancen aras-arasen ngadhep buku. Marga aras-arasen ninggal kalumrahan saben malem minggu. Marga ora bisa mbayar sekolah lan, sing wigati dhewe, marga durung nganti dheweke ngerti ambaning jagad, keselak kedhisikan Supirah ana isine. Kepeksa dheweke kudu ngadhepi pak Umar sing yen mendelik mripate sasat ngenciki idep lan yen mecucu nganti...

Page 1 of 612345Next
Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More