Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Senin, 01 Desember 2014

Tumbal

Tumbal

Dening: Tri Wiyono

Sêjatiné abót anggónku nindakaké pakaryan iki. Nangíng piyé manèh.
Aku múng sakwijiníng bawahan síng kudu loyal marang atasan. Kamångkå atasanku Drs Sêngkuni SH MBA wís nginstruksèkaké yèn proyèk iki kudu di-mark up.
Mbúh piyé carané síng pênting kabèh bisa olèh pangan.
Pancèn iki konsêkuènsiné nduwèni jabatan síng stratêgis kåyå awakku iki.
Tak akóni sakwisé dadi Kasubag Pêngêlolaan Proyèk iki rêjêkiku mbanyu mili. Paribasan nganti kåyå diwènèh-wènèhi.
Nangíng yèn ånå pêrkårå síng kåyå mêngkéné aku ugå kudu wani ndhadhagi.
Awít yèn ora, biså dipêsthèkké yèn tahún ngarêp aku mêsthi bakal dimutasi.
“Wís tå Dík Har, ora sah dipikirké abót-abót. Soal wóng såkå KPK, mêngko aku síng mback-up wís,” mangkono pangandikané atasanku kasêbút íng sak wijiníng wêktu nalikå aku ditimbali íng ruangé.
“Síng pêntíng kowé biså ngolah ångkå-ångkå iku kanthi layak.
Masalah liyané mêngko aku síng ngatúr,” sêsambungé Pak Sêngkuni karo ngêpúk-êpúk pundhakku.
“Lha piyé kirå-kirå? Åpå Dhík Har kabótan? Soalé Dík Wísnu wingi ugå nawakaké arêp nggarap proyèk iki,” ujaré Pak Sêngkuni kåyå ngêrti kêmrusuhing atiku.
“Oh, mbotên Pak. Kulå taksíh sagah ngayahi piyambak,” ujarku gurawalan.
“Wèll! yå ngono iku síng tak karêpké. Yèn pancèn kowé sê-visi karo aku, mêsthi aku ora bakal ninggal kowé Dhík. Wís sak iki rampúngna aku péngín Minggu ngarêp wís rampúng. Sanggúp tå?”
“Sêndikå Pak,” ujarku karo manthúk-manthúk.
Aku énggal-énggal ninggalaké ruang kêrjané bós têrús nyêlúk Dhík Wakino wakílku sartó Éndah sékrêtarísku.
Tak jak rêmbugan barêng pêrkårå iki. Awít pancèn wóng loro iku síng dadi nyawaku. Ibaraté Dhík Wakino karo Éndah kuwi think-tank-ku. Sangénggå aku bangêt mbutúhaké bantuané dhèwèké.
“Nèk masalah ångkå gampang diowahi, Mas. Múng síng dadi masalah iki tanggúng jawabé abót awít nyangkút dana síng ora sêthitík,” ujaré Dhík Wakino.
“Nangíng têrús piyé Dhík? Bós wís nêtêpké kudu biså. Yèn ora awakké dhéwé kudu siap ninggalké kantór iki,” sêmaúrku.
Dhík Wakino manthúk-manthúk karo ngulati layar kómputêr íng ngarêpé.
“Yå wís, arêp piyé manèh. Mbók mênåwå iki pancèn résiko pêkêrjaan. Awakké dhéwé kudu siap,” sambungé wóng síng bangêt tak pêrcåyå iku.
*****
Pancèn iki dudu masalah síng ènthèng, awít proyèk iki gungungé mèh nêm bêlas mílyar rupiah.
Síng kudu di-mark up mèh sêpulúh míliar dhéwé. Åpå ora édan-édanan. Nangíng piyé manèh. Aku iki múng bawahan kudu loyal mênyang atasan. Awít yèn ora biså-biså aku dilórót jabatanku.
Kamångkå ngêrti dhéwé kanggo ningkataké karir íng kantór iki ora barang síng gampang.
Awít mèh wólulas tahún anggónku bêrjuang ngrintís karir, wiwít gólóngan têlu A nganti sak iki biså dadi Kasubag sak wijiníng kantór. Mêsthi waé dudu bab síng gampang.
Kåyå aku dhéwé síng wêktu iki kêlêbu ånå bagian síng êmpúk.
Ora sithík síng pådhå kêpéngín biså nglungguhi kúrsiku iki.
Awít pancèn ya nyênêngké tênan. Golèk dhuwít paribasan kêcap waé dadi atusan éwón.
Nangíng ugå mujúdaké bagian síng ånå pucuking êri, yèn ora ngati-ati bisa ndang ngglúndhúng tênan.
“Durúng saré, Pah?” panyénggólé Nani, sisihanku.
Ora tak råså yèn wêktu iki aku nêdhêng ngalamún nèng têras kamar lantai loro.
“Durúng ngantúk, Mah?” sêmaurku karo nyumêt rókók êmbúh síng kêpira mau?
“Sajaké ånå masalah nèng kantór?” pitakóné bojoku síng wís apal lagónku.
Sabên ånå masalah mêsthi tangkêpku dadi séjé karo padatan.
Aku múng manthúk. Têrús sisihanku lunggúh íng sandhíngku.
Awít yèn wís ngono biasané aku têrús critå masalahku marang dhèwèké. Pancèn sak suwéné iki sisihanku síng dadi sparing partnêr-ku.
Dhèwèké kuwi wóng wadón síng istiméwa, sênadyan múng ibu rumah tangga, nangíng otakké ora kalah karo wanita karir.
Ora nggumúnanké sêjatiné sisihanku lulusan sarjana lan mbiyèn tahu dadi dosèn íng univêrsitas swasta.
Múng amargå aku ora kêpéngín bojoku bêrkarir, mula dhèwèké tak kón dadi ibu rumah tangga thók.
Supåyå anak-anakku biså kopèn, nyatané anakku cacah têlu sakiki wís ngancík dhéwåså kabèh, síng mbarêp malah wís mèh lulús såkå univêrsitasé.
***
“Pancèn abót posisi panjênêngan, Pah. Awít iki diléma.
Yèn njênêngan wêgah, mêsthi bakal dilórót. Nangíng yèn pênjênêngan tindakké, abót résikoné,” komêntaré sisihanku sak wisé tak critani pêrmasalahanku.
“Ya kuwi síng gawé bingúngku. Lha trús aku kudu piyé?”
“Yúk awakké dhéwé tahajúd, nyoba nyuwún tuntunan Gusti Allah, såpå ngêrti mêngko njênêngan olèh pêpadhang,” ujaré sisihanku.
Aku manthúk-manthúk têrus wóng loro pådhå tumuju kamar mandhi njupúk banyu wudu kanggo ngrêsiki badan.
Ånå sak jroning tahajúd tak rasakaké kåyå ngåpå jumbal-jumbulé wêwayangan ing alam pikirku. Sênadyan wola-wali tak cobå nyilêmaké wêwayangan iku nanging kråså angèl bangêt.
Sabên-sabên wêwayangané Pak Sêngkuni atasanku kanthi polatan nêsu ngulataké aku. Gonta-ganti karo lapuran proyèk síng kudu tak gawé. Têrús nglambrang manèh wêwayanganku dipêcat déníng atasan.
Têrús ånå gambaran pårå polisi síng têkå ing kantórku têrús mbórgól tanganku.
“Dúh, Gústi Allah…… Kulå pasrah wóntên ngarså padukå!” pambêngókku íng sak jroníng tahajúd. Bubar kuwi aku ngrasakaké pêndêlênganku pêtêng. Aku ambrúk ngambúng karpèt síng dadi lambaran anggónku ngadhêp íng Pangéran.
*****
Ésúk iki Dhík Wísnu têkå íng kantórku karo mènèhaké layang kanggo aku. Tak bukak layang iku tibaké surat pêrintah såkå Pak Sêngkuni supåyå aku mènèhaké proyèk iku marang dhèwèké.
“Sorry lho Mas, aku múng nindakaké dhawúh,” ujaré Wísnu katón pêkéwúh karo aku.
“Ora åpå-åpå, Dhík. Mbók mênåwå kowé luwíh pintêr timbang aku,” ujarku karo mènèhaké bêrkas-bêrkas administrasi proyèk.
Sênadyan ånå kang kóbóng íng dhådhå iki, nangíng tak cobå mêkak hardaníng kanêpsónku.
Mugå-mugå waé Gusti Allah tansah mènèhi kêsabaran marang aku.
Awít såpå wóngé síng ora lårå ati, yèn nèng têngah dalan gawéyané dipasrahké wóng liyå. Pak Sêngkuni pancèn kêbangêtên.
Katóné dhèwèké wís malík imané sak ênggå tégå karo aku síng ora liya anak buahé.
Awan iku aku milíh mulíh gasik, awít yèn tak têrús-têrúské nèng kantór bisa-bisa malah aku dhéwé síng ora kuwat.
*****
Aku wís ngrumangsani yèn karirku mbók mênåwå bakal mêntók. Awít wêktu iki Pak Sêngkuni, atasanku ora gêlêm nyåpå arúh marang aku. Sabên-sabên dhèwèké butúh, mêsthi Dik Wísnu síng diundang ånå kantór. Lan tingkah kang kåyå mangkono mau disêngåjå ovêr acting nèng ngarêpé pårå bawahan.
Aku rumångså korban pangråså. Awít såpå wóngé síng kuwat dipêrlakukan kåyå mangkono. Nangíng aku nyoba sabar. Karo íng batin tansah ndêdongå, mugå-mugå Pak Sêngkuni diapurå dosané déníng Gusti Allah, sartå dibukakaké atiné supåyå ora bangêt-bangêt anggóné nêsóni aku.
Lan sak wijiníng wêktu såpå síng bakal ngirå, yèn kantórku ditêkani polisi pirang-pirang. Wiwitané ruangku síng diprikså, barêng ora ånå têrús ruangé Kêpala Kantór bubar kuwi têrús tak tóntón ånå polisi nganggo sêragam nyêrahaké surat marang atasanku kasêbút.
Tanpa suwålå manèh Pak Sêngkuni diglandhang déníng pêtugas kêpolisian iku.
Awít disinyalír dhèwèké wís mark up dhuwít proyèk nganti sêpulúh miliar. Ora múng Pak Sêngkuni dhéwé, kêlêbu Dhík Wisnu síng kumawani nglancangi gawéyanku.
Lan wís biså diwåcå, íng ngêndi papan Kêpala iku ora tahu salah. Síng salah mêsthi bawahan. Awít ora gantalan suwé Pak Sêngkuni bósku wís mêtu såkå kantór polisi.
Déné Dhík Wísnu ditêtêpké dadi têrsangka. Wisnu wís dadi tumbal ing kantórku, awít dhèwèké kudu mikúl dosané bósku síng wêktu iki múng cukúp dimutasi íng luar jawa.
“Bêgjå sampéyan Pah. Untungé nolak åpå dhawuhé bós mbiyèn,” ujaré sisihanku karo ngrangkúl aku lan nangís mingsêg-mingsêg.
“Gústi isíh njampangi awakku, Mah. Lan kabèh mau uga ora uwal såkå dukungané Mamah,” ujarku.
Ah, pancèn kabèh iki kåyå wís diatúr déníng Gusti Allah. Kåyå aku dhéwé rumångså dislamêtaké déníng Panjênêngané. Coba mbiyèn aku síng nindakaké bab mau, biså-biså aku síng mlêbu kunjaran.

# Kapacak ing http://www.solopos.com

Kangen

Kangen

Dening: Sugiarto B Darmawan

“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kana kae katon pucet? Ora padhang kaya biyasane.”
“Ah… rembulan ing kene sunare kalah karo sunare lampu mercury, Min. Iki kutha gedhe, Min, dudu desa sing sepi lan peteng kaya desane dhewe.”
“Man, geneya awake dhewe ninggalake desane awake dhewe. Geneya, Man?”
Parman ora nyauri pitakon kuwi. Sarmin sing nyelehake sirahe ing dhengkule uga meneng. Angin adhem sumilir alon nerak sepining swasana. Dalan ing sangarepe wengi iku sepi nyenyet. Mung siji loro pit montor sing liwat banter miyak sepining swasana. Sawuse kuwi sepi maneh.
“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kae pucet, Man?” Sarmin takon maneh sawuse meneng sauntara wektu. Parman sing wis wiwit liyer-liyer ngantuk gragapan. Abot rasane arep njawab, dheweke mung bisa mijet-mijet sirahe mitrane mau.
Sarmin saiki siji-sijine mitrane saka desane sing ana sandhinge. Nanging mitrane sing mung keri siji iki saiki gumlethak tanpa daya. Wis meh sepuluhan dina iki lara. Embuh lara apa. Parman ora ngerti amarga durung dipriksakake menyang dokter. Dheweke uga ora ngerti carane kepriye nambani larane mitrane raket kuwi. Sing bisa dilakoni mung ngancani lan mijeti awake sinambi ngerih-erih supaya sabar lan ndonga marang Sing Maha Kuwasa supaya enggal mari.
“Coba rungokna, Man. Rungokna! Rungokna kae bocah-bocah padha nembang Jamuran ing sangisoring sunar rembulan. Ing sangisore wit sawo ing latare pak lurah.Jamuuuran… yo gegethok… jamuuuran… piye teruse, Man? Piye?”
“Elinga, Min! Elinga! Iki ing kutha gedhe, ora ana bocah-bocah sing dolanan jamuran ing sangisoring sunar rembulan. Tontonen kae lampu mercury sing padhang njingglang. Tontonen kae gedhong-gedhong dhuwur sing pating jenggelek. Ora ana bocah-bocah sing dolanan jamuran,” semaure Parman lirih amarga ngantuk.
Rong sasi kapungkur kekarone teka ing kutha gedhe iki. Saka ndesa pengin golek pagaweyan. Miturut ujaring wong akeh golek dhuwit ing kutha gedhe luwih gampang ketimbang ing desa sing mencil ing ereng-erenging gunung ing pinggir alas. Ora lali ijazah SD sing sing ditampa limang tahun kapungkur ya digawa. Sangu dhuwit ora sepiraa kekarone teka ing kutha gedhe iki. Kanggone nom-noman loro iki nyambut gawe apa bae dilakoni, sing baku halal ora nerak angger-angger. Kekarone dadi buruh bangunan. Kekarone wis melu mbangun puluhan gedhong lan melu mblasak ing saindhenging kutha ngetutake juragane proyek.
Kekarone pancen mung duwe tenaga lan otot sing rosa minangka piyandele. Nanging, kuciwane sepuluhan dina kepungkur Sarmin nandhang lara. Mundhak dina larane mundhak ndadra. Sidane saiki nglempreg tanpa daya. Jan-jane Parman pengin ngajak mulih, nanging durung oleh idi palilah saka mandhore, isih disemayani telung dina engkas.
“Man, aku pengin menyang sawah maneh. Macul, nandur pari, matun lan  pengin ngambu gandane lendhut sing anyep ing sikil. Ooo… tontonen kuwi! Tontonen kuwi manuk-manuk kuntul padha nunggangi gegere kebo. Rungokna kuwi kodhok-kodhok sing padha ngorek mbungahi!”
Parman gragapan maneh krungu tembunge kancane iku. Gumun krungu kandhane Sarmin sing lancar, kamangka lagi nandhang lara sing nemen. Parman mijet-mijet awake Sarmin. Krasa panas kaya mawa.
“Nanging… ah geneya rembulan  ing dhuwur kae pucet kaya ngana!”
Parman mandeng langit. Rembulan ing langit kana pancen katon pucet. Dheweke kelingan sore mau Sarmin njaluk metu saka brak sing dinggo turu buruh-buruh bangunan kaya dhewe. Lan saiki kekarone turu ing latar amba ing ngarep gedhong sing durung dadi, saengga langit wengi kang bawera lan kebak lintang ngenthang-ngenthang ing ndhuwure.
“Man, kapan awake dhewe bali menyang desa?”
“Sabar Min. Aku wis oleh idi palilah Pak Mandhor, nanging nunggu telung dina engkas amarga dhuwite bayaran durung ana.”
“Eh, ya. Aku wis kangen banget marang bapak simbok. Aku pengin banget menyang sawah maneh. Mesthi sedhela maneh desane dhewe panen lan ana wayang rasulan, bersih desa. Nanging ah… geneya rembulan ing ndhuwur kae sansaya pucet cahyane.”
“Min, elinga, Min!” aloke Parman lirih lan tambah gumun marang kancane sing ngoceh ora karuwan iku.
“Sesuk esuk manawa srengenge wis mlethek, aku ora kepengin ana kene maneh. aku pengin macul lan ngrungokake swarane manuk prenjak sing ngayer ing papringan. Aku wis ora kepengin ngrungokake swarane montor sing mbudhegi kuping lan sengake bensin sing mlebu ing irung.”
“Ya… ya… aku mangkono uga, Min. Sing sabar ya! Suk yen Pak Mandhor wis menehi dhuwit kowe mesthi tak jak mulih. Kowe bakal ketemu bapak lan simbokmu maneh.”
“Tenan ya, Man?” swarane Parman sing mau lirih saiki dadi rada banter kebak pengarep-arep.
“Tenan, Min! Aku uga pengin macul ing sawah maneh. Ngrasakake anyepe banyu kalen sing mili. Ngrungokake ocehe manuk ing papringan. Nonton wayang lan nyawang bocah-bocah dolanan jamuran,” ujare Parman ngeyem-ngeyemi kancane amarga mesakake nyawang kahanane.
Sajake Sarmin marem, amarga sawise kuwi dheweke banjur meneng. Kahanan dadi sepi maneh. Kadhangkala saka arah brak keprungu swara watuk-watuk lan napas sing sajak abot saka buruh-buruh sing turu kekeselen. Mesthine buruh-buruh kancane mau padha turu kepati nyaur kesel sing disangga sawise sedina muput meres tenaga.
Ing dalan krungu swarane mobil kang ngebut banter. Sawenehing mobil liwat, lan dumadakan saka njero mobil mau kumleyang gendul-gendul minuman keras kang diuncalake, ngantem aspal lan ambyar dadi sawalang-walang. Banjur lamat-lamat keprungu guyune wong sing lagi padha mendem ing sajroning mobil mau. Lan ing emperan gedhong sing durung dadi mau, Parman liyer-liyer nyangga ngantuk. Sirahe Sarmin isih ana pangkone.
“Man, Parman!” lirih Sarmin aruh-aruh. Ora ana jawaban.
“Maaaan!” saiki rada banter.
“Heeemm…  ya. Ana apa?” saute Parman aras-arasen.
“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kae katon pucet.”
Parman tambah gumun amarga kancane sing lagi nandhang lara iku takon bab rembulan sing pucet maneh. Rembulan lan sawah. Geneya?
Ah, mesthine Sarmin kangen banget marang desane lan kelingan marang jaman isih cilik nalika saben padhang mbulan bareng-bareng dolanan ana latar kang jembar lan padhang. Parman dadi kelingan jaman nalika isih cilik lan manggon ing desa pinggir alas kana. Bebarengan wong loro angon kebo. Dheweke kelingan nalika kekarone dioyak-oyak Mbah Suta sing kondhang galak amarga kebo-kebone mangani parine Mbah Suta. Menyang sekolah sawise angon kekarone uga bareng, turu ing langgar nganti nyolong pelem ing kebone Pak Lurah uga bareng.
Nanging saiki Sarmin nglempreg tanpa daya. Awake panas kaya mawa. Ya Sarmin sing sregep menyang sawah lan terus bae macul ing sangisore srengenge kang panas. Sarmin sing seneng dolanan jamuran sing sangisoring sunar rembulan. Sarmin sing sadurunge mangkat menyang kutha terus terang kandha marang dheweke manawa kepencut marang Sumini, anake Lik Wongso, lan duwe rencana manawa wis oleh dhuwit sing akeh saka kutha bakal nglamar Sumini. Ah, apa Sumini ngerti manawa saiki Sarmin nglempreg tanpa daya?
“Aku kangen marang sawah lan pengin dolanan jamuran maneh, Man!”
“Ya…ya… aku uga mangkono, Min!”
”Jamuran…ya gegethok…jamuran ya gegethok… Ah nanging geneya mbulane tambah pucet!” grenenge Sarmin.
Sepi sauntara. Hawane sansaya atis. Parman pengin ngajak Sarmin mlebu menyang brak. Nanging…
“Man, apa gelem kowe tak jak munggah menyang rembulan?”
“Oooo… mesthi bae! Mesthi bae!” saure Parman kanthi bingung. Tangane ngelus-ngelus bathuke Sarmin. Panas sing kaya mawa ora mendha-mendha.
“Ohh… Man! Awake dhewe bareng-bareng munggah menyang rembulan. Apa ing kana ya ana sawah lan kebo ya, Man?”
“Ohh… mesthi ana, Min! Mesthi ana!”
“Oohh… senenge manawa mangkono,” lirih kandhane Sarmin. Banjur sepi maneh. Rada suwe, Parman tambah ngantuk.
Bebarengan karo Sarmin, Parman mabur menyang rembulan. Tangane wong loro gegandhengan. Nanging dumadakan ing satengahing dalan tangane Parman uwal saka tangane Sarmin. Parman tiba kumleyang ing langit kang jembar, dene Sarmin terus bae mabur. Mabur. Mabur menyang rembulan. Parman mbengok sarosane nyeluki Sarmin. Nanging Sarmin ora nggape. Lan wekasane awake Parman tumiba ing bumi. Parman mbengok sora. Mripate melek pendirangan. Aahhh… tibake mung impen. Nanging…
Min…Sarmin! Min…Sarmin…!” Parman ngoyog-oyog awake Sarmin sing isih turu ing pangkone. Nanging ora ana wangsulan…

#Kapacak ing http://www.solopos.com 7 Maret 2013

Katresnan Bisa Semi Ing Sadhèngah Papan


Katresnan Bisa Semi Ing Sadhèngah Papan


Dening:  Arswendo Atmowiloto 
Urip ana paran kaya dénéJakartaiki kanggoku susah. Sepisan: susah mangané. Karepku mono mangan sing murah nanging cocog. Ya merga ilatku kulina sega lemes kaya Sala, kepeksa rada njondhil ngrasakaké sing yèn ana ngomah tampikan merga pera. Apa manèh lawuhé sarwa pedhes. Jan, nyepetaké kuru!
Mula kerep waé aku dadi kenès lan keladuk kecangkeman, yèn pinuju mangan ing warung. Sing dadi langgananku mau: sawijining warung sing saliyané kemproh yèn nggoreng tahu ora tau mateng, mesthi setengah mateng. Kamangka karemanku tahu garing. Ning ya kepeksa, aku ajeg ing warung mau, apesé sedina sepisan utawa kaping pindho yèn pinuju ora kantoran. Jer pancèn kudu diirit-irit; dhuwit cupet.
Ora pisan ora pindo aku kepéngin ganti warung. Ning ya sok wegah, amerga warung liyané adoh. Karo manèh yèn pinuju mangsa rendheng ngéné dalané sing durung aspalan iku malih kaya jenang lemu. Sing ngéwuhaké lan ngganggu atiku satemené ora mung warung kemproh lan nggorèng setengah mateng. Ana manèh. Ya kuwi réwangé: bocah wadon, sing yèn aku teka dadakan dadi ribut ngladèni. Kesusu nyepakaké gelas, nyepakaké ès batu; senadyan aku ora njaluk, nadyan udané deres. Yèn ayu ngono aku ora ngrembug dawa. Ndilalah réwangé wadon mau ana sing ‘ora bèrès’, miturut istilahé kancaku tunggal pondhokan. Sing dikarepaké: pawakané sing cendhèk lemu impeg-impeg; lan, lambéné ora persis ana ngisor irung, rada mèncèng watara seméné sènti.
Satemené aku welas. Satemené aku simpati marang cacadé. Ya merga nduwé rasa welas mau kadhangkala aku nyawang dhèwèké. Kanthi ora dakrasa aku seneng nyawang saparipolahé. Iki njalari panyawangé tempuk karo panyawangku. Kerep banget. Lan ora mung sadhetik rong dhetik: adakané panyawangé luwih kendel, luwih langsung. Aku wiwit krasa yèn ana sing ora bèrès. Luwih-luwih yèn ngèlingi sikepé sing malih, sing ndadra. Yèn aku mangan dhèwèké dadi ibut ing sandhingku. Endi sing nyrebèti gelas endi sing ngirisi brambang, utawa ngelus-elus jèngkol. Wah terus-terang iki gawé rèpot.
‘Apa aku kagedhèn rumangsan?’ aku kepeksa nakoni mitraku sapondhokan.
‘Alaaa, ora apa-apa waé, sababé ya ngono.’
‘Sabené ya bikut ngono?’
‘Toh sing mangan ing warung, sing lanang ora mung kowé dhéwé.’
‘Apa kowé ngerti dhéwé dhèwèké mung bikut ing sandhingku?’
‘Ora.’
‘Lha dalah, géné ora ngerti dhéwé.’
Aku tetep njaluk keterangané. Njaluk lan kepéngin ngertèni panyawangé mitraku iki.
‘Piyé? Aku gedhèn rumangsan apa pancèn ana sing ora bèrès?’
‘Rèpot ah!’
Saiki daktamataké. Tenan! Pangrasaku ora kena dakgorohi. Dhèwèké tetep bikut ing sandhingku. Malah nganggo jerit barang, mbok menawa karepé omong nganggo basa dhaèrahé. Nanging ya kuwi mau lambené ora bener. Dadi rumangsaku mung njeriit lan tuding-tuding.
Sawijining soré, takniyati tenan. Aku mangkat karo mitraku. Arep tak buktèkaké, apa bener apa ora. Wiwit mlebu aku nyawang dhèwèké. Lan dhèwèké ganti nyawang aku. Aku isan-isin. Satemené yèn dhèwèké rumangsa daktamataké cacadé, harak aku disengguh ngécé. Dhèwèké ribut lan malah saiki jèjèr, lungguh njèjèri. Ngudubilah!
‘Wah,’ ngono panjerité, beneré omongané basa Indonesia sing èlèk banget pangucapé, ‘apa mas Jamikun mau jadi suami saya?’
Aku kudu bisa tentrem. Ati kéné goreh, nanging sirah ora gèsèh kalayan lambé.
‘Aku wis duwé sisihan. Aku wis ora jaka.’
‘Tidak apa. Saya mau dimadu.’ Nèkad temenan.
‘Aku wis duwé anak. Akèh anakku.’
‘Tidak menjadi apa. Asal mas mau nikah dengan saya. Saya tidak minta blanja, tidak minta duwit. Saya bisa bekerja.’ Omongan nrocos, tangané tekuk-tekukan dhéwé lan rainé dadi mbabrak abang. ‘Kalau mas maunya sebentar saja, juga boleh. Saya mau jadi isteri sebentar.’
‘Absurd! Généya iki bisa kelakon?
Apa aku bisa njlèntrèhaké marang dhèwèké menawa aku duwé sisihan sing bekti lan nresnani aku? Sing gelem dak tinggal kluyuran menyangJakarta lan durung mesthi antuk dhuwit? Kamangka mesti opèn-opèn anak pirang-pirang? Lan siji-sijiné males katresnané mung mangèrteni kasetyan lan bektiné?
Katresnan pancèn bisa semi ing ngendi waé. Atiku kaya didhodhog alu gora. Nanging mitraku njegègès waé. Nalika mulih saka warung dhèwèké nggoda: ‘Apa ora becik yèn jenengmu ganti Jamikun waé?’
***

Kumpulan Cerkak Pilihan 1, 1975

Nyuwun Pamit Kyai

Nyuwun Pamit Kyai


Dèning : Soebagijo IN
Lakuné disengkakaké, daya-daya ènggala tekan ngomah. Merga, kejaba wektunéwismburu, liré sedhèla engkaswismèh manjing Magrib, uga ana warta sing kudu ditekakaké marang Kyai.Wartaiki yektiné dudu kabar anyar tumrap Kyai Idris. Wong kabar sepisanan bab sing gegayutan karo iki dhèwèké krungu uga saka Kyai Idris mau. Ming baé, dhèk semana isih capet-capet, durung jablas temenan. Dhawuhé Kyai Idris marang para murid-muridé: “Anu lo, lé, ing samengko Pamarèntah wus ngidinaké marang aku kabèh, para umat Islam, yasa barisan mirunggan, jenengé “Hizbu”llah”, tegesé “Prajuriting Pangèran” . ..” Dhèk semana Iskak ya mèlu ngrungokaké. Wong dhèwèké kapinujon ana kono. Ming baè nalika kuwi dhèwèké durung ngreti temenan, apa preluné lan apa paedahé Barisan Hizbu”llah kuwi. Mula bareng Kyai Idris ndangu, sapa ing antarané para santriné sing kepéngin ngleboni Barisan Hizbu”llah, dhèwèké ora ngacungaké utawa ora mangsuli.
Lha iki mau dhèwèké mentas Jumuwahan saka mesjid. Adat sabené yèn sembahyang Jumuwah ya nèng langgaré Kyai Idris kono, bebarengan karo santri pirang-pirang, kancané nunggal sapasuwitan. Mung baé iki mau diutus Kyai rnenyang kutha, tetuku bab kapreluané pesantrèn kono karo ana urusan uga sing gegayutan karo kantor SI babagan Sumuka (agama).
Mula dhèwèké sing kapiji dèning Kyai dadi duta, kuwi kejaba Iskak pancèn bocah sing mrojol dhéwé mungguh ing kapinteran sarta kalantipané ing antarané para santri-santriné Kyai Idris, dhèwèké kuwi uga kena diarani sing pinter sesrawungan dhéwé. Nyang sapa-sapa bisa ngladèni. Pinter momong atiné liyan. Wataké tatag teteg. Nyang panggedhé ora kidang ora kidung, nanging isih netepi tata-kramané.
Iya merga saka wataké kang kaya mengkono mau, Kyai Idris dalah kanca-kancané padha asih marang dhèwèké. Malah-malah, saka kepénginé Kyai Idris nuduhaké sihé, Iskak katari, apa sekira gelem dadi kakangé Mujayanah, putrané Kyai Idris sing wuragil. Iskak sumanggem. Lha banjur kelakon Iskak bakal dadi putra mantuné Kyai. Kyai saya wuwuh tresnané. Yen ngèlingi anggoné bakal dadi pengantèn, Iskak gojag-gajeg arep medharaké isining atiné marang Kyai Idris. Apa sakira rila yèn dhèwèké lunga saka kono, ninggal pesantrèn, prelu ………
Iskak isih kèlingan cetha apa sing dikutbahaké dening mas ketib anèng mesjid mau. Tetembungané mas ketib sing cetha wéla-wéla, ngégla, tansah cumithak ana ing angen-angen. Wong anggoné ngrungokaké Iskak ya nganti njinggleng temenan. Dhèwèké rumangsa begja banget Jumuwahan ing mesjid mau.  Sarampungé urusané ana kantor SI, ndadak wis awan. Upama terus mulih. wis mesthi kasèpé yèn arep sembahyang Jumuwah. Hya wis Jumuwahan nèng kutha baé. Ngono pamikiré.
Kutbahé mas ketib iki mau gegayutan karo anané Barisan Hizbu”llah kuwi. Kanthi gamblang dicethak-cethakaké, apa ta gunané Barisan Hizbu¬“llah kuwi, lan kepriyé carané sarta sapa sing bisa ketampa mlebu dadi warganing Barisan Prajuriting Pangèran mau. Tumrap para nomnoman Muslimin, sing ginadhuhan kekuwatan cukup utawa bisa nyukupi sarat-saraté wong dadi prajurit, diprayogakaké nyathetaké jenengé marang bebadan kang kapatah ngurus bab iki.
Mas ketib dhawuh, iya ing wektu saiki kuwi mangsa sing apik banget tumrap para mudha Islam kanggo mbuktèkaké marang donya yèn umaté Nabi Muhammad s.a.w. kuwi ora ming pinter tafakur anèng mesjid karo mikir ngétungi tasbèh baé, nanging yèn ana kapreluan sing mbutuhaké awaké, ora ming awaké baé, dalasan jiwané pisan, uga ora èman nyorohaké.
Mas ketib banjur nyebut-nyebut asmané para satriya Islam dhèk jamané Kangjeng Nabi biyèn. Ana Anas bin Nadir, ana Sa”ad bin Mu”az, lan liya-liyané manèh. Malah ingkang paman Kangjeng Rasul, Sayidina Hamzah, kuwi uga prajurit peng-pengan jaré. Yèn wong Jawa ngarani Sayidina Hamzah mau, Radèn Amir Ambyah, apa Radèn Jayèng Palugon, apa Wong Agung Mènak.
Para sakabat-sakabat dalah pandhèrèké Kangjeng Nabi mau kanthi gumolonging ati lan rila legawa padha ngurbanaké jiwa raga, bandha donya branané pisan kanggo kapreluané agamaning Pangèran, kanggo ngluhuraké agama dalem Gusti Allah.
Dhèk jaman semana mungsuhé Islam para wong kapir saka golongan Kurès lan wong-wong sing musyrik. Kabèh mau padha arep ngalang-alangi rancaging lakuné agama Islam. Padha ngudi amrih agamané Pangèran mau cures, ilang saka bumi kéné. Wong-wong Muslimin tansah dikuya-kuya, dingèl-ngèl anggoné arep nindakaké parèntahing agamané. Mula, cobaning Pangèran marang umaté Nabi Muhammad ora uwis-uwis. Ora biyèn ora saiki! Tansah ana baé. Ora lèrèn-lèrèn. Mula wong Islam didadar temenan dèning Gusti.
Yèn dhèk biyèn wong Islam ngadhepaké kaum Kurès lan golongané wong sing padha musyrik, ing samengko, iya jaman saiki iki, kaum Muslimin ayun-ayunan karo bangsa Amérika lan Inggris dalah sakancuhané pisan. Yèn disatitèkaké temenan, tindaké negara loro mau ana ing Asia, panggonan kita nglakoni ngibadah iki, presasat ngepleki tindaké kaum sing arep ngalang-alangi ajuning agamané Pangèran dhèk jaman Jahiliyah biyen.
Karepé Amérika lan Inggris kuwi, arep dadi bendarané wong-wong Asiakéné. Sawisé kuwi, uga arep gawé ilangé agama kaprecayané wong-wong kéné kabèh. Mesthiné ya ora terang-terangan. Saka sethithik, sarana tindak sing alus, sing remit banget. Pametuning bumi, bandhaning buwana Asia, arep diusung, digawa mulih menyang negarané dhéwé kana. Kekuwataning rokhaniné bangsa Asia uga arep dipeper. Dadi wosé baé, wong-wong Asia kuwi njaba njero, lair batiné arep digawé mati. Mati sajroning urip kaé. Wah, isih akèh manèh kutbahé mas ketib. Déné minangka panutuping kandha, mas ketib mrayogakaké supaya para nom-noman Muslimin padha bebarengan ngayati pagawéan iki, nyatetaké jenengé kanggo barisan Hizbu”llah, dadi Prajuriting Pangèran, tukang njaga asmané Gusti Allah, aja nganti disawiyah dèning wong kapir.
Kutbahé mas ketib mau dèning Iskak dilebokaké ati temenan. Sajaké dhèwèké kebuka atiné. Iskak kepéngin dadi Prajuriting Pangèran, mbèlani agamané, niru tindaké para sakabat-sakabat dhèk jaman biyèn. Iya warta iki sing arep ditekakaké marang ngarsané Kyai Idris. Dhèwèké arep nyuwun pamit karo nyuwun pangèstu marang Kyai. Mulané anggoné mlaku kesusu, daya-daya ènggal tekan ngomah. Lakunéwis tekan ngarep pamulangan S.G.L. Dadi ngidul sethithik, banjur mènggok ngiwa,wis tekan dèsané, dèsa Kuningan, iya panggonané pesantrèn kuwi.
Tanpa kajarag, Iskak ndeleng mengulon, tumenga menduwur. Srengéngéné wismèh angslup. Katon alon banget. Sajak ketara abot arep ninggal bumi. Ketara durung taneg anggoné ndeleng kaèndahaning jagat saisiné kabèh. Katon anggoné owel. Apa Iskak uga bakal owel ninggal papan padunungané? Apa Iskak krasa abot ninggal Kyai, kaya-déné pengrasané srengéngé abot arep pepisahan karo bumi? Sawah ing kiwané dalan kapinujon kebak pari. Gagangé tumiyung, sajak kabotan isi, kena siliring angin kresak-kresek kaya tangising kenya mingseg-mingseg marga tininggal dèning jaka kekasihé … Apa Mujayanah mengko uga bakal mingseg-mingseg, nangis ngaru-hara yèn dipamiti?
Kabèh mau tansah dadi gagasané Iskak. Nanging bareng kèlingan tembungé mas ketib: “Ya saiki iki, mangsa sing apik banget tumrap para mudha Islam kanggo mbuktèkaké marang donya yèn umaté Nabi Muhammad s.a.w. kuwi ora ming pinter tafakur anèng mesjid karo dikir ngitungi tasbèh baé,” dhèwèké tetep arep ngugemi andemaning atiné: arep mlebu Barisan Hizbu”llah. Arep njaga kasuciané agamané sarta kahurmataning tanah wutah getihé.
Lakuné disengkakaké. Arep nyuwun pamit…
***
Pandji Pustaka No. 6, Maret 1945

CERITA BAHASA JAWA

Sesuk Wis Riyaya

dening: Esmiet

Olehe mancal sepedhah disepud. Daya-daya tekan omah cet ijo duweke kancane dhek ana ing SPMA biyen. Marga lintange sumunar, Kirja bisa dadi kepala LP3. Marga Supirah, dheweke ora bisa nerusake sekolah kaya Kirja. Dina-dina sekolah dianggo sir-siran bae. Nganti nunggak rong taun. Wong tuwane bosen ngragadi, banjur ora dikirimi dhuwit kanggo urip ana kutha. Dheweke metu saka sekolah jalaran rupa-rupa. Marga pancen aras-arasen ngadhep buku. Marga aras-arasen ninggal kalumrahan saben malem minggu. Marga ora bisa mbayar sekolah lan, sing wigati dhewe, marga durung nganti dheweke ngerti ambaning jagad, keselak kedhisikan Supirah ana isine. Kepeksa dheweke kudu ngadhepi pak Umar sing yen mendelik mripate sasat ngenciki idep lan yen mecucu nganti irunge ditalib lambene sing njeber.
‘Dadi wong lanang aja mung bisa gawe anak! Nyambut gawea! Dadi makelar karcis, dadi matrus! Dadi kuli setasiyun, apa luru utis! Kabeh kuwi pagawean. Sapa kuwat, yen saben dina kudu ngingoni anakmu, bojomu lan kowe dhewe! Ajaa kowe umuk yen arep dadi sinder, ora bakal Supirah. dak-wenehake kowe.’Rembuge maratuwane sing pedhes kaya ngono kuwi wis bisa ditadhahi ing sadina-dinane, sarana direwangi mbudheg lan micak abandha ndableg wareg. Sing baku kanggone dheweke, Supirah isih tresna banget marang dheweke. Yen dirasa ora ana wanita bisa nandhingi Supirah. Sabar lan wicaksana. Nanging sajake sabare lan wicaksanane sisihane iku nganggo wates. Bareng anake wis telu, Supirah wiwit bosen meruhi kahanane sing lanang. Supirah wiwit krasa yen dheweke iku wong ayu sing siyal, wong ayu sing ora kasinungan pulung becik. Saupama dheweke ora entuk Wagianta, ayak bae dheweke bisa dadi ibu camat. Bisa dadi ibu direktur. Malah bisa uga, saupama dheweke ndherek paklike urip ing Jakarta, bisa uga dadi ibu menteri, ibu jendral, lsp. Banjur ing dina-dina candhake dheweke wiwit tiru-tiru bapakne. Bojone wiwit didoli ulat. Bareng disangat Wagianta wiwit ketara wedi, olehe adol ulat diimbuhi nganggo adol lambe pedhes:
‘Jare wong lanang iku pengayoman, mas. Nanging piye olehmu bisa dadi pengayoman yen kowe dhewe isih njaluk diayomi maratuwa? Pa ra isin ta, mas? Ingatase kowe kuwi wong lanang, nganti panganmu dijuju wong liya?’
Iya wiwit kahanane Supirah kaya ngono iku Wagianta banjur eling yen dheweke duwe sipat lanang kang kudu manggul tanggung jawab gedhe. Dheweke kepengin cekel gawe kang metoni misil. Nanging apa sing bisa ditindakake? Macul dheweke ora godhag. Ngejibake keahlian, dheweke mung bisa gawe layang katresnan tumrap kenya. Ngejibake ijazah, dhe¬weke mung ngantongi ijazah SMP swasta. Kantor ngendi sing bisa nampa dheweke sarana sangu ijazah saka sekolahan partikulir iku? Nalare Wagianta jibeg. Pepet. Luwih-luwih bareng dhek wingi sisihane nangis ana kamar, nangisi anake sing nomer loro,
‘Suk mben wis Riyaya. Apa kowe ra duwe utek?’ ngono wangsulane sisihane canthas bantas lan kejem. Pancen swara kaya ngono iku kejem banget tumrap Wagianta. Awit durung tau Wagianta nampani pisuhan kang kasar saka sisihane.
‘Sabar ta, bu! Sarehne awake dhewe isih kaya ngene …’ ‘Aku ora apa-apa. Jarit gantung-kepuh ya ben. Tapi anakmu iki piye? Coba gagasen! Kabeh bocah isine omah iki padha salin penganggo. Anake yu Pitri wis dicukupi bapakne, isih nampa maneh saka embahne.’
‘Engko mbahne rak iya mikir?’ Wagianta ngrai gedheg. ‘Wingi bapak wis kandha, bocah-bocahe dhewe ora arep disandhangi. Bosen jarene. Saben dina kudu mikir pangane. Saben dina kudu mikir sekolahe. Kathik saben taun kudu mikir sandhangane. Mangka putune sing liya-liya durung tau dislikuri. Pancen sing kebangeten bapakne Mamat. Olehe ora idhep isin.’
Sepedhah iku dipancal terus, luwih cepet. Sajatine dheweke wis isin yen kudu teka maneh menyang omahe kancane iku. Awit wis kekerepen dheweke mrono. Lan saben mulih saka kono mesti disangoni. Nganti bojone Kirja tansah pasang ulat peteng janji weruh ketebange Wagianta. Malah wis tau Wagianta rumangsa diusir cara alus dening garwane kepala LP3 iku:
‘Nuwun sewu, dik. Menika jam ngaso kanggenipun mas Kir. Yen penjenengan rantos mengke kedangon. Langkung sae benjing-enjing kemawon wonten kantor. Yen badhe wonten kaperluan, saged dipunetang cara dines.’
Sawise kandha kaya ngono bojone Kirja iku mlebu omah terus ora bali-bali maneh. Banjur keprungu swarane sing canthas. Sanadyan swara iku kanggo abdine, nanging sajake ditujokake kanggo Wagianta: ‘Bola-bali kowe dak-tuturi ya, Dar. Yen medhayoh aja yah mene iki, wayahe wong madhang. Engko rnundhak dikira aku ra isa nyuguhi kowe. Aku ngerti kowe tuman krasan. Marga angger sowan pak Sindu balimu ajeg disangoni, rak iya ta? Dadi wong ki mbok aja seneng njagakake pawehe liyan.’
Oooh, yen kelingan kuwi kabeh. Wagianta kaya-kaya nibakake ipat-ipat ora bakal ngidak omahe Kirja. Nanging bareng dheweke kelingan nasibe anake sing telu iku? Mendah kepriye nalangsane yen sesuk kuwi usume kancane padha nyandhang nganggo apik, usume putune pak Umar padha teka kanthi manganggo sarwa gumebyar, banjur mung anake dhewe sing kepeksa singidan paturon jalaran sandhangane ora ganti.
‘Ing ngarepe Kirja mengko aku arep nangis. Aku arep njaluk gawean sakecandhake, waton baliku mengko disangoni sandhangan kanggo anakku,’ ngono batine Wagianta sadalan-dalan. Ora ketang mengko dheweke dikon ngangsu jedhing, dikon mbabadi suket ing petamanan, apa dikon nguras kakus, arep ditemah. Waton kanggo Riyaya sesuk iku anake bisa salin panganggo, bisa campur kancane lan bisa melu ngesemi dina Riyaya kang dadi pangarep-arepe umat Islam lan dadi pethingane kabeh bocah cilik.
Nanging sanadyan tekade saka ngomah wis kepleng, arep nangisi kan¬cane sing becik bebudene iku, bareng dheweke wis manyuk ing ngarepe omah cet ijo iku atine grag-greg. Sumawang ing angen-angene rupa lan wujude wanita sing tau nglarani atine. Sumawang ing angen-angene polatane bu Kirja olehe precang-precing kaya wong kebelet ngising angger weruh tekane Wagianta. Sumriwing ing kupinge kepriye panyembire wa¬nita iku marang dheweke sewulan kepungkur. Rada sawetara menit Wagi¬anta mandheg ing ngarep gapurane omah cet ijo iku. Bareng wis ana keplenging tekad, kandeling karep, Wagianta banjur nuntun sepedhahe digawa mlebu menyang platarane omah cet ijo iku. Omah iku tutupan. Wagianta uluk salam. Nanging nganti lambene amba, lawang iku panggah tutupan. Kupinge dijereng, nanging babar pisan dheweke ora krungu mingseding sikil jumangkah apa lambe obah.
‘Madosi sinten, pak?’ ana pitakon saka iringan omah. ‘Pak Kirja menapa wonten?’
‘Oh, pak kepala ingkang rumiyin? Kalih minggu kapengker pindhah dhateng Madiun.’
‘Lajeng dalem menika?’ pitakone Wagianta nglokro lan kumrungsung. ‘Dipundalemi pak Kurmin, kepala enggal. Tiyang menika dalem dinas.’
‘Becike aku dak sambat wong sing durung dak-tepungi iki. Kiraku luwih utama lan ora bakal ngadhepi wong nyembir-nyembir lan adol ulat peteng,’ ngono etungane Wagianta. Sarana etungan iku dheweke banjur kandha marang tukang kebone dalem iku: ‘Menapa kula saged pinanggih pak Kurmin?’ ‘Tindak Magelang,’ wangsulane wong lanang iku cepet.
Kaya njerit-njerita Wagianta mikir lelakone dina iku. Tiwas adoh-adoh ditempuh sarana sepedhah. Tiwas dheweke ngadhepi ulat peteng saka maratuwane, jalaran nyilih sepedhah iki mau. Jebul bareng tekan panggonan sing dituju, ketemu suwung. Mendah kepriye unine maratuwane mengko yen lungane dina iki ora nemu asil apa-apa. Mangka wis kadhung disilihi alat kanggo mlaku adoh.
Durung yen ngadhepi tangise anake sing takon panganggone. Awit dhek mangkat mau esuk, dheweke pamitan arep nggolekake sandhangane kanggo Riyaya sesuk. Bojone sing dhek mau ngiringake lungane kanthi kebak pengarep-arep:
‘Muga-muga usahamu asil, mas, ben ora banget-banget nalangsaku mikir bocah-bocah!’ pisan iki mengko mesthi bakal nangis lan ngudamana maneh yen tekane ora mondhong welingane anake, sandhangan telung pangadeg.
Saka pepeting nalare, dhasar ing sadalan-dalan Wagianta ketemu wong ibut tata-tata ngadhepi tekane wulan suci iku, dheweke banjur ketemu nekade. Tinimbang ditangisi anake, pisan gawe ditekadi geger karo maratuwa. Toh upama dheweke bali wutuh, iya meksa digremengi. Aluwung mesisan sepedhah iku didol. Karuwan olehe arep ngadhepi. Diajara dening wong tuwane Supirah arep ditemah, waton anake ora kecuwan, waton sisihane ora kegelan. Nanging menyang endi olehe arep ngedol sepedhah iku? Sesuk wis dina Riyaya. Kathik saiki wis sore, pasar sepedhah mestine wis tutup. Didol menyang pedesan sapa sing arep nuku sepedhah ana sungapaning wulan Lebaran iki?
Dhek mangkate mau sepedhah digenjot sakatoge. Bareng baline, olehe medhal ketara alon banget, jalaran uteke ora kanggo nyetir tenaga kanggo mancal sepedhah, nanging kanggo mikir menyang endi olehe arep ngedol sepedhah iku. Puputing pikiran ora ana dalan liya kejaba kudu urusan karo pak Itok, nyilih dhuwit anakan diwenehi kapercayan sepedhah. Bareng kelingan pak Itok, olehe medhal disepud. Dheweke kepengin tekan omahe pak Itok sadurunge asar. Dadi dheweke bisa bali maneh menyang kutha sing iki mengko bakal kliwatan perlu nukokake klambi anak-anake. Te¬kan omahe pak Itok wis meh surup. Ewa semono ditekadi bae. Dheweke mlebu terus bablas bae ketemu pak Itok.
‘Endi sepedhahe?’ pitakone wong bungkik iku kemaki karo nglirik sujana marang mantune pak Umar sing ora gableg pegawean maton iki. Wagianta ngeterake pak Itok menyang panggonan panyelehe sepedhah. Pak Itok rada gragapan bareng weruh sepedhah Simplex duweke pak Umar iku. Wis suwe dheweke ngesir sepedhah iku, nanging pak Umar wis tau blaka ora arep ngedol barang tinggalane sedulure sing wis ora ana kuwi. Ndadak saiki mantune mara arep utang duwit sarana paseksen sepedhah sing dipengini. Pak Itok yakin yen mantune pak Umar iki diutangi dhwit sepuluh ewu, mesthi ora bisa mbalekake. Lan sepedhah iki bakal klakon dadi duweke sarana rega murah.
‘Kowe butuh dhuwit pira, le?’ pitakone pak Itok ngaya. ‘Kalih dasa,’ wangsulane Wagianta kumendel. ‘Ayo mlebu ngomah sik. Ora pantes etung butuh ana latar.’ Wong loro iku runtung-runtung mlebu ngomah kaya patrape sedulur kang ketemben pethuk.
‘Aku jane welas karo kowe kuwi. Anak akeh ora nyambut gawe. Mangka sesuk wis ariyaya, mestine kowe butuh kanggo sandhangane anak-anakmu, rak iya ta?’ ‘Leres, mak-dhe.’
‘Ning ya aja akeh-akeh lehmu njaluk dhuwit. Engko nek ora isa mbalekake kepiye? Rong puluh ewu ki jajanane sewu sedinane. Pa kowe kuwat?’ ‘Niku urusan kula, mak-dhe. Samang boten sisah tumut mikirake. Nek kula boten kiyat nyaur barange samang jabel, rampung ta.’ ‘Sepuluh wae ya?’
Wagianta ngerti glagate pak Itok sajake ngiler banget weruh sepedhahe maratuwane iku. Mula dheweke niyat ngentel. Pikirane, yen dheweke ora bisa mbalekake, ateges sepedhah iku ora sapira rugine, marga ing pasaran bisa payu telung puluh munggah.
Pokoke kula nedhi kalih dasa, mak-dhe.’
‘Wis ta, lima-las bae. Jajanane mengko diwenehi miring, satus seket sedina. Nanging nek seminggu kowe ora bisa mbalekake, ateges sepedhahmu ilang, piye?’
Wagianta wis meh mantuk nalika saka njaba ana wong uluk salam. Wong loro iku noleh. Wagianta kaget bareng dideleng jebul Isbandi, sedulure ipe karo mitra tanggane.
‘Byuh, sedina muput lehku nggoleki, dhik. Bul ketemu ing kene. Pama aku ora apil sepedhahe bapak mana, ayake durung isa ketemu,’ ngono Isbandi kandha karo mapan lungguh.
‘Kadingaren menus iki sumeh,’ ngono batine Wagianta. Banjur sing kawetu: ‘Ana apa, dhik?’ ‘Ana tamu saka Majakerta.’
Wagianta kaget banget bareng dikandhani yen ana tamu saka kutha kelairane. Mangka wiwit dheweke disuwak kirimane lan banjur lepas sekolahe nganti dheweke rabi lan duwe anak telu, niyate pancen wis emoh ngancik tanah kelairane. Dheweke rumangsa dikipatake dening kulawargane. Mula arepa dikaya ngapa dheweke emoh nggepok senggol wong atuwane. Nanging bareng saiki dheweke dhong kebuntel nalar kerepotan butuh, ana kabar yen ana tamu saka Majakerta. Kaya wong sekarat ditelkani malaekating panguripan, Wagianta ngadeg nyat mawa polatan sumunar. Tanpa kakehan tembung dheweke banjur mak kluyur metu terus bablas marani sepedhahe.
‘Lhoo … Iho … etunge piye, dhek?’ pitakone pak Itok ngaya ngemu rasa cuwa.
‘Pun boten enten etungan wangsulane Wagianta karo wiwit nyengklak sepedhah.
Ngaya olehe mancal pedhal. Daya-daya kepengin enggal nemoni sapa tamune saka Majakerta iku. Nitik Isbandi ketara sumeh marang dheweke, tamune Wagianta iku mesthi akeh olehe nggawa oleh-oleh.
Temenan. Lagi bae Wagianta mlebu pekarangane omah, ing ngarep lawang maratuwane wis mapag karo ngguya-ngguyu. Maratuwane wadon, sing ora pati sugih gunem, nanging yen kadhung muni-muni nglu¬wihi wong tengah pasar, uga melu-melu mapag.
‘Byuh, sedina muput masmu lan adhimu nggoleki kowe Iho, le. Pa ra ketemu Is?’ pitakone maratuwa lanang. ‘Tesih wonten wingking. Eh … sinten tamune, pak?’ ‘Bapakmu sekaliyan. Iki mau isih nggiring putu-putune menyang kutha. Bojomu sing ndherekake.’
Nganti ora bisa ngampet wetuning eluhe, Wagianta nampani kabungahan sing tanpa upama iku. Bungah jalaran maratuwane sing saben dina nganggep dheweke kaya dene kere munggah mbale, saiki ketara ngrengkuh dheweke ngluwihi anak bupati. Bungah, jalaran wong tuwane gelem ngurusi dheweke lan nglacak dheweke nganti tekan padesan ing pucuking gunung iki. Lan luwih saka iku bungahing atine, awit anak-anake sesuk mesthi sida melu riyayan.
Kabungahane Wagianta ditekani wong tuwane, bisa nyirep pegeling atine marang wong tuwa loro iku. Luwih-luwih bareng dheweke klakon dirangkul lan ditangisi dening ibune. Banjur ndeleng ora mung anak-anake bae sing disandhangi dening wong tuwane. Bojone iya pamer yen dheweke ditukokake sandhangan lan giwang kalung. Kanggo dheweke dhewe ana bageyane sing ngluwihi etungan. Nganti Wagianta krasa kuwowogen nampani pawehe wong tuwa.
‘Aku krungu saka Kirja yen kowe urip kesrakat ana kene,’ ngono kandhane bapakne sawise kangen-kangenan. ‘Kirja?’ pitakone Wagianta kaget.
‘He-eh. Jarene dheweke kancamu sekolah. Saiki dadi sinder ana Madiun.’ ‘Apa dheweke menyang Majakerta?’
‘He-eh. Aku disangoni dikon ngendhangi kowe. Karo kandha blaka suta yen kirimanku marang kowe saben wulan dhek isih padha sekolah kae disebrot dheweke. Malah tandha tanganmu dipalsu. Maune aku meh nesu lan arep daktuntut. Nanging bareng dheweke duwe kesanggupan bakal ngangkat kowe kareben bisa nyambut gawe, aku iya banjur mupus. Mbokmenawa lelakonmu pancen kudu kaya ngono. Malah Kirja banjur ngadhopsi aku diangkat dadi wong tuwane kanggo gantine wong tuwane sing wis swargi.’
‘Layak dheweke tau njaluk tulung aku, nulisake layang kanggo wong tu¬wane lan kandha yen kiriman saka wong tuwa wis ditampa!’ wangsulane Wagianta karo angluh. ‘Dheweke meling supaya kowe teka menyang Madiun sawise Riyaya iki.’
Wagianta manthuk sumringah, kaya sumringahe dina sesuk bakal tekane Ariyadi.
***
Majalah Mekar Sari No. 16, Oktober 1974.
Esmiet lahir ing Mojokerto, 20 Mei 1938. Tilar donya 4 Agustus 2003 ing Banyuwangi


Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More