Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Sebuah ungkapan rasa syukurku...

Semoga apa yang tertulis di blog ini dapat dibaca dipahami.

Senin, 01 Desember 2014

Pisungsung


Pisungsung

Dening: Moch.Nursjahid

ukara iki rak ora nyangklak ta, bapak
minangka pisungsung lan atur panuwunku
rikala aku kesasar ana tengah dalan
panjenengan paring obor pepadang

rikala aku bingung kelangan gegondelan
panjenengan paring teken kasantosan
ukara iki rak ora nyangklak ta, bapak
minangka pisungsung lan atur panuwunku
wiji pari kang dak dhedher wingi

saiki wis semi
prawan sengkeran kang dak tresnani
saiki nagih janji
tembangku iki rak ora ampang ta, bapak
minangka pisungsunglan atur panuwunku
rikala aku ngorong kasatan

panjenengan paring banyu bening saklenthing
rikala aku mutung kelu ing pambidung

panjenengan paring daya panyurung
tembangku iki rak ora ampang ta, bapak
minangka pisungsunglan atur panuwunku
rikala aku rangu-rangu

panjenengan paring donga pangestu
rikala aku ditantang satru bebuyutan
panjenengan ngunus pedhang ligan nampani tantangan
bapak

yen aku kawin
panjenengan dak aturi dadi modin

Jaya Baya No.15, Desember 1971

Share this:

Diamput, Sepatuku Ilang ndhuk Mejid


Diamput, Sepatuku Ilang ndhuk Mejid

Dening: Suparto Brata

Diamput! Sepatuku ilang ndhuk mejid. Iki gara-gara sholat Jumat ndhuk mejid enyar cedhake kantorku. Diamput, ejik enyar wis nggawa korban! Cik nemene!
Ngene critane. Dina Jumat, aku telat mlebu kantor. Nggelani, esuk-esuk udan! Lagek musime ancene.
Rada daksrantekna mendhane gremis, cik gak nemen-nemen kebes. Jumat hare! Aku pengin sembahyang ndhuk mejid enyar cedhak kantor. Nganyeri. Mulakna klambiku mlebu kantor ojok sampek kebes.
“Ran! Koën diteleki Pak Darji! Kaet maeng! Cepet ngadhepa!”
“Ook, pancet aé, Pak Ganda iku! Isuk-isuk wis gègèran!”
“Lho, gak guyon aku! Gak pecaya, mranaa tah!”
“Ran! Mrenea, Ran!” swarane Pak Darji saka kamare. Temen, gak guyon Pak Ganda esuk iki.
Mboktalah! Masiya jenengku Yadiran, ojok banter-banter apaa ngundang ngono. Sing gak ngreti lak dikira ngundang ‘jaran!’. Diamput, kepalaku sitok iki! Telat pisan aé katene dioring-oring!
“Koën wis tau lunga ndhuk nggone Borobudhur, Ran?”
“Empun, Pak! Tapine riyin, sik sekolah dhasar nika.” Soal apa maneh, iki, Rèk? Cik nylemete! Perkara telat thik macem-macem! Gak papa, srengeni juragan wis lumrah, wong ancene aku pegawe celik, rak iya? Tapi kathik nyebut-nyebut Borobudhur iku, lé, katene yok apa? Kemalan temen Pak Darji iku!
“Koën gak kepengin, tah, mrana maneh? Bareng wis dipugar iki jare bagus, Ran! Gelem melok aku, Koën?”
“Lho, niki kantor ajenge piknik, ngoten, tah?”
“Piknik gondhulmu! Koën iku lo, dakjak nyang Borobudhur! Gelem, tah? Aku katene nyang Munthilan. Jipe ngglondhang. Kancanana, ya!”
“Nggih. Kapan brangkate?”
“Dhiluk engkas. Mari kantor. Langsung aé.”
Mari kantor? Langsung? Lak gak jumatan? Wah, sholat nganyari mejid worung. Borobudhur luwih menjila.
Munthilan iku nggone maratuwane juragan.
“Sakeluwarga, tah, Pak?”
“Jane arek-arek ya prei. Tapi wong iki perlune ming sethithik! Lan kesusu. Dadi ya kene wong loro dhewe wae. Aku botuh kanca lan sopir serepan!”
É, talah! Ngono tah? Ancene botuh sopir kathik muter-muter. Kepalaku iki ancen gak duwe sopir khusus. Mulakna lek katene lunga ndhuk luwar kota, ngajak pegawene sing bisa nyopir. Biyasane Cak Kadir. Tapi wektune iki wonge lagek mantu. Terang gak isok diajak. Aku oleh kethuk!
Pengin ancene nyang Borobudhur. Cuma, katene mrana dhewe iku thik ngayane. Sajege kerja iki rasane mamang lunga adoh-adoh ngono! Sangu cupet! Padha hal wis dakrewangi kerja lembur, lho! Botuh iki rasane ana aé! Dioyak cumak ketok buntute. Mulakna mompung ana sing ngajak dolin ndhuk Borobudhur gratis, kathik sing ngajak kepala kantore dhewe, ‘ayo’ ngono aé.
Sayange gak sida nganyari jumatan ndhuk mejid enyar! Tapi Gusti Allah lak maklum, tah, la apa Yadiran ngilangna kesempatan iki. Borobudhur-é, gak cedhek iku mono! Sholat Jumat ndhuk mejid enyar isok Jumat ngarep maneh! Ésik akeh Jumat-Jumat sing katene teka.
“Lèk gelem, moliha dhesik njopuk salin. Rencanaku sampek Senen kaet balik molih.” Ngono Pak Darji notugna ngomong.
“Yok napa?! Mantuk riyin, tah, kula niki?”
Mbok, ndadak ngene iki sing gak kuwat! Tapine ancene kepala kantor esik enom. Kongkon mbarek duwe karep dadakan ngono iku ya wis biyasa!
Diamput! Ila-ilane katene weruh Borobudhur sepisan maneh! Gremis ngene dilabuhi sepedhahmontoran molih! Ya kebes. Gak papa, mengko balik nyang kantor numpak becak! Langsung aku kandha mbarek Bu Dhe sing dakpondhoki apa perluku molih esuk, kebes. Mbarek tata-tata sandhangan, blesek-blesek mlebu tas rangsel. Sepatu teles. Ganti sepatu simpenan sing esik enyar. Kate nyang luwar kota, harene! Cepetan aé, mergane Pak Darji mau nyusu-nyusu.
Prasaku wis cepet! Becak dakkon mbandhang aé, gak kathik dakenyang. Sik meksa ketilapan! Tekan kantor, gak notut! Kantor wis totup. Diamput! O, iya, sé, Jumat! Tutupe jam sewelas.
“Pak Darji nggih kondur?” takonku mbarek Dul, penjaga kantor. Sik nyapu ngresiki kantor areke.
“O, enggih! Sampiyan kèn tengga mriki dhesik. Anu. Murugi setrine. Dijak pisan teng luwar kota, turene wau.”
Oh, brubah pikiran. Maeng omonge ijen aé!
Diamput! Tiwas kesusu-susu! Omahe juraganku adoh, Rèk, saka kantor! Sing wedok dorung tata-tata! Isok jam siji lagek teka ndhuk kantor!
Nalikane iku aku krungu takhrim. Maca ayat suci ndhuk mejid enyar cedhak kantor. Eling, aku! Iya! Sholat dhesik lak isa! Perlu Rèk, iku! Suwara ayat suci iku ngéthik-éthik ati, koyok ngawe-awe nyeluk aku kon sembahyang!
“Tétip rangsel, nggih, Wak Dul! Kula katene kesah teng mejid riyin. Jumatan!”
Udan dhong terang. Dadi gak kathik mlayu-mlayu. Gak kuwatir kebes maneh. Cumak, sepatuku enyar, mlangkahku kudu pélih-pélih. Dalane jembrot, jemeke nggelani hare. Eman, Rèk, sepatu sik enyar!
Lha iku! Marine sholat, sepatuku ilang! Diamput! Dakteleki mumet gak nemu! Nggelakna! Gak kira ketlesut, lali nggonku ndeleh. Jelas dicolong mbarek tangan jahil, nggrathil, melikan duweke liyan! Diamput! Sepatu enyar, hare, Rèèèkk!! Diamput-oput-oput!
Sidane balik ndhuk kantor, nyèkèr! Getun aku! Lah apa aku maeng kathik ketarik ayat suci barang?! Kathik mampir sholat! Wis genah katene nyang luwar kota, lak pantes sé gak sholat Jumat! Gusti Allah lak maklum-a lek gak disowani Yadiran sakjumatan aé!
“Lho! Saweg mawon Pak Darji mongkur! Rangsel sampiyan pun katut teng jipe. Anu, sing setri wau nyuwun ditumbaske oleh-oleh pelem teng Peken Gentheng! Anake kalih dibeta sedaya. Mengke mriki melih ngampiri sampiyan!” ujare Dul, penjaga kantor.
“Beneran! Kula nyambut kendharakane! Sepatu kula ical teng mejid. Ajenge mendhet sepatu riyin teng griya!” omongku ndhesek. Kesusu. Lha mongsok katene ndhuk Borobudhur nyèkèr aé, Rèk?!
Yamahane Wak Dul dakgawa molih. Ngebut aé. Balapan mbarek sing ndhuk nggone Pasar Gentheng. Wis gak udan maneh, dadi gak kuwatir kebes.
“Lho, Ran! Dorung budhal, Koën, Nak?”
“Dereng, Dhé. Mendhet sepatu! Sepatu kula amblas teng mejid!”
“Lhé, yok apa sé? Mongsok ngguk mesjid ana maling?”
“Nggih saged mawon, Dhé. Wong nalika sholat jemaah sandhal sepatu kedah dicopot teng luwar mejid. Sandhal ting blesar kathah, sepatu kula sing paling bagus. Nggih dicolong kalih tiyang jahat. Lare nggrathil!”
“Mongsok ngguk mejid ana wong jahat…?”
Aah! Kesuwen! Sepatu elek sing kebes mau dakenggo maneh, sret-sret, cepetan . Aku balik nyengklak Yamahane Wak Dul. Werrr!! Buaaanter! Gak preduli rodha mburi nyiprat kabeh ndhuk geger! Sampek ndhuk kantor, jip dorung ketok! Lega! Èh, engatase telek gratisan lunga ndhuk Borobudhur aé, ambegane ngos-ngosan kaya ndhas sepur ireng langsir! Yamaha langsung mlebu plataran kantor! Srrooogg!! Langsung dakoperna mbarek Wak Dul! Areke nyengir!
“O-alaah, sampiyan niku! Pun disosul mriki niki wau. Sareng kula beja sampiyan mendhet sepatu wangsul, langsung Pak Darji murugi sampiyan teng griyane awak sampiyan. Kesusu selak siyang, turene! Selak awan, ngoten criyose sing estri mboten kanti.”
É-alah! Thik apese awakku dina iki!
“Ngga sakniki kula terke mantuk pisan! Kajenge nututi!” omonge Wak Dul sing nunggu kantor. “Kalih dene kula nggih perlu sepedhahmontore, kesah Pandhegiling!”
“Nggih, pun, ngga!” wangsulanku setuju, mbarek nyengklak ngguk mburine Dul sing wis nyetarter Yamahane. Wong Pandhegiling mbarek omahku jurusane padha ngidule saka kantorku. Ya tepak-tepak aé.
“Lhé! Sampiyan sing nyetir! Mongsok ngretos kula griya sampiyan?!”
Ook! Gombal!
Tekan ngomah dipapag mbarek Bu Dhé. “Oo, semalakathak! Pak Darwi maeng ngampiri awak pena mrene, Nak Ran! Kepalamu iku, lho! Dakbejani koën gak ana omah, terus warah lek awak pena ditinggal aé, gak sida melok. Terus katene langsung budhal ndhuk luwar kota aé. Koën worung dijak! Moring-moring Pak Darwi maeng! Katene brangkat isuk-isuk, ndadakna sampek setengah loro esik nguthek ndhuk njero kutha aé!”
Wah, diamput!
Ngono iku critane! Gara-gara katene oleh gratisan telik Borobudhur, sepatu enyar ilang ndhuk mejid! Worung pisan nontok Borobudhur! Diamput gak ilok-ilok!
Esuke, Sabtu, gak enak aku gak mlebu kantor. Apa alasane? Mbarek maneh katene lah apa ndhekem ndhuk omah? Mulakna aku mlebu kantor koyok biyasane!
Totuk kantor, mlebu ruwangan kerja, Pak Ganda menthelengi aku! Pancet aé, Pak Ganda iku, guyone! Ketoke srengen, tapine ngenyek. Aku dipendeliki tapine gak disapa! Ook, koyok lodrug Markesa aé! Marakna aku salah tingkah aé!
“Napaa, Pak? Diteleki Pak Darji melih, tah, kula?” ujarku ngimbangi guyone.
“Sik, tah! Koën iku esik orip?!” takone mbarek ngulu idu. Cleguk, kalamenjinge obah-obah. Esik mentheleng, gak ngguyu, gak mesem. Malah semu mendelik.
“Mbok-alah! Pak Ganda iki, gak enak nemen guyone! Wong genah obah, omong, ambune kringet kecut ngene dianggep gak orip! Ampun ngoten napaa, Paaak-pak! Ambakna dadi kepala makili Pak Darji lagek sedina aé, wis ngono, Rèk, sumbunge!”
“Lho, yok apa, sé?! Kantor iki geger, Ran! Dakkira koën ya katut matek! Koën wingi lak melu Pak Darji luwar kota, tah? Esuk iki mau aku nampa telpun saka pulisi Nganjuk. Jare jipe kantor kene ringsek tabrakan mbarek trek gandheng ndhuk Wilangan! Penumpange matek kabeh! Siji aé gak ana sing orip! Pak Darji sekeluwarga! Termasuk awakmu! Ana tas rangsel nganggo jenengmu, jare pulisi ndhuk telpun mau! Yok apa, sé, iki? Arek-arek sakniki dakkerahna, ngabari keluwargane Pak Darji mbarek menyang omah pondhokanmu…..!”
“Yok napa?! Ah, ampun guyon, ah! Leres tah, jipe Pak Darji kecelakakan?!”
“Sumpah, Ran! Koën iku esik orip temen, tah….?!”
Sanalika aku eling nggonku misuh-misuh merga sepatuku ilang ndhuk mejid. Diamput! Gara-gara mejid enyar! Sakniki gak diamput-diamputan maneh! Jelas, Gusti Allah Mahaagung! Gak gelem digothangi sowane Yadiran sakjumatan aé! Luwih pinter ngatur lelakon! Sakniki aku ngreti maknane suwara ayat suci sing ngawe-awe aku wingi. Lan maknane sepatu enyar ilang! Ya anguran sepatu enyar ilang timbangane nyawa! Wis! Gak isok misuh diamput-diamputan maneh aku! Sepatu ilang ya babahna, pokok nyawaku esik cemanthel ndhuk ati! Diamp….! Anu, syukurlah Alhamdulillah!
***
Jaya Baya, 2 Oktober 1983

Kenya Rok Biru


Kenya Rok Biru


dèning: Any Asmara,
Wisana rong dina iki aku ana ing kutha Ngayojakarta, perlu jagong mantèn. Mantèné mitraku tunggal jawatan, Radèn Suparta, inspèktur pulisi saka Muntilan, olèh Rara Tisnawati, putrané Radèn Penèwu Ranusuganda, ing kampung Tegalpanggung.
Ketemuning mantèn diramèkaké nganggo nanggap wayang kulit. Tamuné akèh, nganti tarubé mèh ora kamot. Apa manèh sing padha nonton, wah akèhé ora karu-karuwan, nganti padhet, mblabar tekan dalan gedhé. Dhasar dhalangé pancèn wiskondhang apiké, mula ora anggumunaké banget yèn nganti semono akèhé sing padha nonton. Aku dhéwé ya nganti ngebyar. Lungguhku ana sakburiné kelir, dadi cetha menyang critané. Lakoné Bagawan Mintaraga.
Bareng wayangwis bubar aku nembé krasa ngantuk lan kesel, mulané aku banjur mlebu ing kamar pasedhiyanku, turu kepati. Jam telu awan aku nembé tangi, ya rumangsa katog banget. Beneré dina iku aku arep terus mulih menyang Magelang, nanging banjur dicandhet dèning mantené sekaliyan supaya bali bareng sésuk-ésuk. Aku nuruti. Tekadé wong enggonku nyuwun pamit isih rong dina manèh, dadi isih ana témpoku.
Soréné mas Suparta serimbit pada merlokaké sowan menyang dalemé para pamiliné sing putri, perlu pamitan, nanging aku ora melu, sengadi arep ana perlu liya lan arep nyatakaké benginé Malioboro, kang jaréné wiskondhang tekan endi-endi. Mula bareng mas Suparta sekaliyan wistindak aku banjur dandan, terus lunga menyang Malioboro, ngiras-ngirus karo tuku bonékah kanggo ngolèh-olèhi adhiku sing isih cilik dhéwé, putrané pak cilik sing dak-pondhoki. Bareng wisolèh aku mbanjuraké mlaku-mlaku, karo nyawang pasawangan kang ramé.
Mula nyata, Malioboro pancèn ramé banget, ing sadalan-dalan tansah kebak wong. Mengkono uga untabing tetunggangan, ora ana pedhoté, ngalor-ngidul pating sliri pirang-pirang, motor, andhong, bécak lan sepédha,wis ora kena diétung. Tujuné peraturan lalu-lintaswis becik, mula arang ana kacilakan.
Toko-toko padha katon padhet kebak wong sing lagi padha blanja, nganti ora kena dipiyak. Mangka ing wektu ikuwistanggal 13, teka raméné isih nganti kaya ngono, mendah yèn pinuju tanggal nom, mangsané para kaum buruh padha gajihan, kaya ngapa raméné. Aku dhéwé mung tansah sumlengeren weruh untabing wong sing kaya ngono mau. Sarèhning niyatku mung butuh mlaku-mlaku, mula aku terus ngalor. Tekan tetegan sepur Tugu aku mandheg, awit kebener lagi ana sepur teka. Mengkono uga tetunggangan pada mandheg kabèh, dawané nganti ana 1 km. dhéwé. Bareng teteg sepurwisdibukak aku nerusaké lakuku ngalor terus. Niyatku arep tekan tugu, banjur bali, mampir Kedaulatan Rakyat arep nemoni mitraku mas Teguh sing dadi wartawan ana kono, yèn ketemu.
Nanging bareng lakuku tekan sangareping gedhong biyoskup ‘Ratih’ aku mandheg, awit aku gumun weruh untabing wong sing arep padha nonton biyoskup nganti semono akèhé. Sangareping gedhong kebak, jejel riyel, apa manèh sangareping lokèt, sing urut karcis nganti dawa banget, banjur mènggok bali manèh, nganti mujudaké lèter S.
Ing bengi kuwi sing diputer film ‘Niagara’, sawijining karakter film rolé Joseph Cotten lan Marilyn Monroe, kang aksiné pancèn bisa gawé kepéncuting sing nonton. Mula ora nggumunaké yèn untabing wong nganti semono akèhé.
Apa manèh bareng weruh gambar rèklamené sing dipasang ana sangareping lawang, mesthi akèh sing padha kepéncut, awit gambaré pancèn rada ‘luar biasa’, mung kena kanggo umur 17 taun sapandhuwur. Aku dhéwé, sing niyaté mung arep mlaku-mlaku, bareng weruh kaya mengkono atiku teka banjur melu kesengsem, kepéngin nonton. Mulané aku banjur mènggok, arep golèk karcis. Nanging kepriyé enggonku bakal bisa olèh karcis, awit sing urutwis dawa banget. Mula niyatku yèn ora olèh karcis ya arep trima nglenthung mulih, katimbang tuku karcis ana cathutan, kang reganéwis tikel tekuk, tur nglanggar larangan pisan. Pancèn ing wektu iku tukang cathut karcis akèh banget, pating sliwer ngalor-ngidul, ngètan-ngulon, karo nawakaké karcisé kanthi dhedhelikan kuwatir konangan pulisi. Éwadéné meksa isih akèh sing gelem tuku, nganti tukang cathut karcis mau katon kendel, lan enggoné ngundhakaké regané sakepénaké dhéwé baé, ora trima mung mundhak, nanging malah tikel loro utawa telu saka reganing karcis sing resmi.
Sarèhning sesak lan ora ana pangarep-arepé enggonku bisa nonton, aku banjur ndeleng gambar réklamené kang dumunung ana étalage. Lagi énak-énak enggonku ndeleng, dumadakan pundhakku ana sing njawil. Bareng dak-tolèh jebulé mitraku lawas, mas Ngubaèni, kanca sekolah pulisi nalika ana Sukabumi, kang saiki wisdadi inspèktur pulisi kaya aku, dhèwèké ana Bantul, aku ana Magelang.
‘Suwé ra jejamu, jamu manèh ngombé setrup. Suwé ra ketemu, temu manèh ana ngarep biskup. Arep mriksani apa, dhik As?’ pitakoné mitraku karo ngepuk-ngepuk gegerku.
‘O … tibané mas Ngub. Sugeng, Mas?’ wangsulanku karo gumuyu.
‘Kuru-kuru, Dhik.’
‘Kuru-kuru? Kurugan daging, ya?’
‘Iya, dhik. Arep nonton apa piyé?’
‘He … eh niyaté, yèn olèh karcis.’
‘E, yèn ngono tiba begja kowé, dhik. Iki lho, aku duwé karcis.’
‘Tenan apa piyé, Mas? Apa karcisé turah?’
‘Yèn turahé ngono ya ora, wong mung siji thil iki. Niyatku mau ya arep nonton, ning banjur dadakan ana susulan saka Bantul, aku dikon bali, awit ana perlu penting. Kebeneran banget aku bisa ketemu sliramu, Dhik.’
‘O … ngono ta. Yèn ngono begjaku.’
‘Iya, dhik. Lha sliramu karo sapa?’
‘Ijèn baé kok, Mas.’
‘Rak isih tetep ana Magelang ta, Dhik?’
‘Isih, mas.’
‘Yèn ngono ayo mampir pisan, wong wis cedhak ngené, karo manèh mbakyumu ya wis kangen.’
‘Matur nuwun, Mas, liya dina baé mengko dak-perlokakè sowan mrana, wong iki mau aku mentas jagong mantèn jé.’
‘Sapa sing dadi mantèn, Dhik?’
‘Mas Suparta, kanca inspèktur saka Muntilan.’
‘O, apa dhik Parta, bocah Kroya kaé sing awaké lemu ginuk-ginuk?’
‘Iya bener, mas.’
‘O ya sukur. Ya wis ya, dhik, aku selak kesusu. Galo wis dientèni jip ana dalan kaé. Enya iki karcisé.’
‘Trima kasih, Mas. Enya iki ijolé duwit karcis.’
‘Wis ora susah, Dhik. Mung kaya ngono baé teka arep diganti, tur kaya karo sapa!’
‘Ya matur kesuwun banget lho, Mas. Selamat berpisah, dan selamat bekerja.’
Mas Ngubaèni mung gumuyu, banjur terus lunga, marani jipé. Bareng akuwisnampani karcis, lan nomering kursi nomer 12, aku banjur mlebu ing gedhong biyoskup, kangwiskebak. Aku banjur milang-miling, nggolèki pernahing kursiku. Nanging sepira kagètku bareng weruh kursiku mauwisana sing nglungguhi, lan kiwa-tengenéwiskebak priyayi putri thok. Aku rada rikuh lan isin, awit mundhak dikira sing ora-ora. Ananging kepriyé manèh, wong bab ikiwisdadi aturané gedhong biyoskup kono: saben penonton olèh nomer kursi, perluné ora rebutan lan kanggo njaga tata-tentrem ing jero gedhong kono. Mulané aku banjur marani dununging kursiku mau, kang wis dilenggahi priyayi putri rada sepuh, kang saka pangiraku klèru enggoné lenggah, awit sandhingé kursi nomer 13 kosong, lan kursi nomer 14 dilungguhi sawijining kenya rok biru kang rupané sulistya banget. Mak pyur panonku konang-konang bareng tempuk padha nyawangé. Atiku trataban. Kanthi ngati-ati lan trapsila aku banjur pitakon karo priyayi putri mau mengkéné: ‘Bu, mbokmenawi panjenengan klèntu anggènipun lenggah, awit kursi punika, nomer 12, kursi kula.’
Priyayi putri mau rada kagèt, banjur ngawasaké aku. Kanti mèsem banjur mangsuli mengkéné:
‘O … inggih leres, Nak. Panjenengan boten klèntu. Dados punika kursi panjenengan, ta? Yèn ngaten keleresan. Tukar kémawon inggih, Nak, awit kula ajrih kaliyan nomering kursi kula punika, nomer 13. Rak kersa ta, Nak?’ ngendikané karo nudingi nomering kursi, nomer 13. Weruh kaya mengkono aku mèsem. Geli atiku déné ana nomer baé teka diwedèni.
‘O … mekaten ta, Bu? Inggih kénging,’ wangsulanku karo sajak rikuh, awit weruh sing nglungguhi kursi nomer 14 mau putri, mula aku durung wani lungguh. Mbokmenawa priyayi mau ngerti batinku, tandhané banjur ngendika manèh:
‘Sampun rikah-rikuh, Nak. Laré èstri punika anak kula piyambak. Mangga ta, énggal lenggah.’
Krungu wangsulan kang kaya mengkono aku saya gumun banget, awit ora ngira yèn kenya rok biru mau putrané lan teka banjur téga temen, déné putrané mau kok ditégakaké dikon lungguh jèjèr karo aku, wong sing durung naté diweruhi, mung jalaran merga saka wedi karo nomer 13 baé. Apa tumon?
Atiku tambah saya ora kepénak, rikuh, ya dheg-dhegan, awit kenya rok biru mau banjur mbalang liring karo aku. Adhuh .. . èsemé gawé kuwuring panonku, gawé tab-tabaning jiwaku.
‘Mangga ta, Nak, lenggah. Sampun nggalih pakèwed,’ mengkono ngendikané priyayi sepuh mau sepisan manèh bareng weruh aku isih ngadeg.
‘Inggih, Bu.’
Gelem ora gelem aku kepeksa banjur lungguh ing jèjèrékenyarok biru mau. Dadi enggonku lungguh mau diapit-apit ibu lan putriné. Lungguhku tansah ora bisa jenjem. Atiku tansah gorèh baé, awit jiwaku tansah kagodha dèning kasulistyanékenyarok biru mau, kang ayuné pancèn tanpa tandhing. Apa manèh bareng aku ketaman èsemékenyamau kang diincrit-incrit, adhuh … mati awakku. Awakku krasa lemes bules, dhadhaku geter terus, karo tumungkul. Ing sajroning aku tumungkul mripatku tansah nglirik, nyawangkenyamau, mula aku banjur ngerti cetha wéla-wéla menyang citranékenyamau, kang ayuné nyata mulus temenan, ora ana cacadé. Dedeg-piadegé pideksa, pawakané gilig wutuh, rada ramping tur singset. Pakulitané kuning nemu giring, rai bunder, athi-athiné ngudhup turi, nylekenthik, alis njlirit ireng menges-menges. Mripaté gilar-gilar, lindri-lindri, irung ngrungih amerit, lambé tipis ciyut angembang blimbing, maya-maya abang, kaya gambaran pinulas. Andheng-andhengé gedhé samrica, dumunung ana sacedhaking irung sisih kiwa, muwuhi pantesé lan manisé. Saya manèh yèn pinuju mèsem, bisa gawé gemes, sajak kaya nantang menyang sing lagi nyawang. Apa manèh bareng aku nglirik rerengganing dhadhané, kang ana gunungé sakembaran, atiku saya gonjing miring, angles, imanku kaya ora kuwat. Adhuh … !
Kenya rok biru mau umur-umurané bangsaning 22 taunan. Kasulistyané kenyamau nyata gawé gonjinging jiwaku, dhadhaku tansah sirsiran ora lèrèn-lèrèn. Salawasé aku urip, ya nembé sepisan ji iki, atiku ketaman ing rasa kang kaya mengkono mau. Atiku nandhang wuyung, nandhang brangta asmara.
‘Ah, apa iki dayaning nomer 13 kang nyata gawé apes, kaya pangandikané priyayi putri mau? Mula teka bener, akèh wong sing wedi karo nomer 13, awit jaréné nomer sing siyal, sing apes. Apa aku iki ya bakal nemoni siyal? Kiraku teka bener, buktiné aku banjur nandhang kasmaran kaya ngéné iki. Gèk omahé ngendikenya iki, ya?’ mengkono gagasanku karo tumungkul.
Mbokmenawa ora mung aku dhéwé kang ketaman rasa kaya mengkono mau. Kenyarok biru sandhingku ya semono uga ayaké, awit lungguhé uga banjur ora bisa jenjem lan sedhéla-sedhéla tansah katon ambekané kang munggah medhun, karo tansah nglirik aku, banjur tumungkul, sajak isin. Tujuné bab iki ora ana sing weruh. Lan ora suwé biyoskup wiwit main. Ing jero gedhong malih dadi peteng. Sing katon mung soroting gambar kang tumuju menyang kelir.
Wosing crita biyoskup mau anggambaraké lelakoné sawijining wong jejodhoan. Sing lanang banget tresnané karo sing wadon, kosok-baliné sing wadon tresnané mung lamisan, dhemen laku sèdhèng karo wong liya. Kawusanané nuwuhaké lelakon kang nyedhihaké banget. Sing wadon nganti diprajaya déning sing lanang, lan sing lanang dhéwé uga banjur mati nunggang prau, prauné rusak, wusana banjur kagawa dening ilining banyu kang tekan grojoganNiagara kang jero banget. Nonah Marilyn Monroe sing dadi rol nyonyah Roos, bojoné tuwan Loomis (Joseph Gotten), aksiné pancèn ‘boleh’ banget. Satindak-tanduké tansah digawé aksi, ya lakuné, ya tingkahé. Mula nganti akèh para penonton sing pada marem lan mèlu kesengsem. Nanging kosok-balinékenya rok biru sandhingku lungguh mau ora mengkono. Nalikané weruh aksiné Marilyn Monroe mau malah banjur ora gelem ndelengaké, sajak malah isin lan éwa, mratandhani yènkenya rok biru mau wanita sing luhur bebudèné. Nalika weruh nyonyah Roos arep diprajaya sing lanang ana puncaking menara kang dhuwur banget cedhak grojogan Niagara,kenya rok biru mau ya ora mentala atiné, ora tahan ndeleng lelakon kang gawé ngeresing ati. Saking wedi lan sedhihé nganti dhèwèké lali. Bareng-bareng karo gumlèthaking awaké nyonyah Roos singwis mati jalaran diprajaya sing lanang dhèwèké terus nyekeli tanganku kenceng, sajak wedi, tangané krasa gumeter. Aku kagèt weruh tanganku dicekeli kenceng. Mbok-menawa kagètku gawé èlingékenya iku, tandhané banjur uwal panyekelé lan sajak isin, tumungkul.
Lumèring tangané kenyarok biru mau tansah nggrantes ing atiku, krasa alus, gawé getering awakku sekojur. Kedhering tangané krasa gumrining temenan, mahanani brangtaning jiwaku. Adhuh, kaniaya temen!
Bareng jam sanga kliwat seprapat biyoskupwis bubar. Aku weruh cetha wéla-wéla yèn rupanékenya rok biru mau dadi pucet banget, kaya wong mentas nandhang lara baé. Dhèwèké bola-bali tansah mandeng aku kang ana buriné. Sarèhning sing nonton akèh mula metuné ya rekasa. Kanggoné aku malah kebeneran banget, bisa nyawang saka buri kanthi mat banget. Apa manèh bareng metuné ngrekasa aku jèjèr rapet karo dhèwèké, rasaning atiku saya les-lesan banget. Sinome mobat-mabit kena angin kitiran, rumangsaku kaya lagi awé-awé menyang jiwaku. Èman banget déné aku durung tepung. Rékané mono ya arep nepungaké, nanging atiku sing ora wani, cangkem kaya kinunci. Satemah aku mung meneng baé, karo ngelus dhadhaku. Potonganing awaké kang gilig ramping lan singset mau saya gawé kepéncuting atiku. Adhuh … ana bocah ayu teka kaya ngono!
Bareng tekan njaba wong loro mau terus mlaku baé. Batinku, tiwas kebeneran, awit nedya arep dak-etutaké nganti tekan omahé. Mulané lakuku ya dak-rindhikaké, kira-kira mung let limang mèteran ngono. Kenyamau wanguné ya ngerti yèn lakuné tansah dak-etutaké, tandhané bola-bali banjur nolèh, kang saya gawé kumepyuring jiwaku.
Lakuné wong loro mau terus ngidul. Bareng tekan sangareping hotèl Garuda wong loro mau terus mlebu mrono. Mak jegagik aku mandheg, ora wani ngetutaké manèh, kuwatir yèn dikira arep nyembranani. Saiki aku nembé ngerti cetha yènkenya rok biru mau dudu wong Ngayoja. Genah wong saka manca, saka ngendi aku ora ngerti. Mung baé aku duwé pangira-ira yèn wong mau wong Banyumas, awit nalika padha guneman tansah dak-rungokaké, dhialèké cara Banyumasan.
Nganti rada suwé enggonku ngadeg ana sangareping hotèl kono. Atiku mandheg-mangu lan kuwur, awit jiwaku kaya-kaya tansah ngetutaké lakuné kenyarok biru kang mlebu menyang hotèl. Beneré aku arep ndeleng buku tamu, nanging bareng dak-rasa tindakku kurang patut, mula aku banjur trima mulih nglenthung, karo semplah atiku.
Tekan Tegalpanggung aku terus mapan turu. Kebeneran mas Parta sekaliyan durung kondur. Bengi iku aku ditari mangan déning ibuné Rara Tisnawati, nanging aku ora gelem, sengadi yèn mentas disuguh kanca, mulané aku terus tutup kamar. Nganti bengi aku ora bisa turu. Atiku tansah merem-melèk baé, awit tansah isih ton-tonenkenya rok biru baé kang tansah gawé gandrunging jiwaku. Dilali-lali tansah saya ngranuhi, saya gawé tambahing brangtaku. Wewayangané tansah cumithak ing panonku ora bisa ilang. Adhuh … jiwaku sambat-sambat, nganti ora rinasa aku banjur ura-ura lirih, tembangé pangkur, wewarahé ibu cilikku:
Wonten candraning wanita,
kang susila anor-raga ing krami,
sedheng dedegipun,
renyah wicaranira,
rikma wenès amemak angembang bakung,
wimba ananggal sepisan,
nétra njahit Hyep alindri.
Iku prayoga ginarwa,
bekti laki mbangun turut sakapti,
aran ‘Sendhang-Sanga’ yèku,
pantes kinarya garwa,
gung sihira lan gung rejekinipun,
awètan wanita ika,
tentrem lan ayeman ati.
Adhuh, apa iya bener temenan tegesé tembang iku? Mangka yèn ndulu menyang candranékenyarok biru mau teka ngepleki temen karo tembang mau, gèsèha ya mung sethithik banget. Yèn nyata bener kaya mengkono mesti bakal begja kemayangan banget sing bakal mengkukenyamau. Adhuh … awak, awak! Apa aku bisa kelakon mengkukenyarok biru iku? Mangka kenal baé durung, mengkono uga ora ngerti omahé pisan. Ah teka nglengkara temen pikirku iki, anggandrungi wong sing durung diweruhi ing sakabèhané. Tiwas-tuwas temen!
***
Grombolan Nomer 13,Surabaya, 1956

Tumbal

Tumbal

Dening: Tri Wiyono

Sêjatiné abót anggónku nindakaké pakaryan iki. Nangíng piyé manèh.
Aku múng sakwijiníng bawahan síng kudu loyal marang atasan. Kamångkå atasanku Drs Sêngkuni SH MBA wís nginstruksèkaké yèn proyèk iki kudu di-mark up.
Mbúh piyé carané síng pênting kabèh bisa olèh pangan.
Pancèn iki konsêkuènsiné nduwèni jabatan síng stratêgis kåyå awakku iki.
Tak akóni sakwisé dadi Kasubag Pêngêlolaan Proyèk iki rêjêkiku mbanyu mili. Paribasan nganti kåyå diwènèh-wènèhi.
Nangíng yèn ånå pêrkårå síng kåyå mêngkéné aku ugå kudu wani ndhadhagi.
Awít yèn ora, biså dipêsthèkké yèn tahún ngarêp aku mêsthi bakal dimutasi.
“Wís tå Dík Har, ora sah dipikirké abót-abót. Soal wóng såkå KPK, mêngko aku síng mback-up wís,” mangkono pangandikané atasanku kasêbút íng sak wijiníng wêktu nalikå aku ditimbali íng ruangé.
“Síng pêntíng kowé biså ngolah ångkå-ångkå iku kanthi layak.
Masalah liyané mêngko aku síng ngatúr,” sêsambungé Pak Sêngkuni karo ngêpúk-êpúk pundhakku.
“Lha piyé kirå-kirå? Åpå Dhík Har kabótan? Soalé Dík Wísnu wingi ugå nawakaké arêp nggarap proyèk iki,” ujaré Pak Sêngkuni kåyå ngêrti kêmrusuhing atiku.
“Oh, mbotên Pak. Kulå taksíh sagah ngayahi piyambak,” ujarku gurawalan.
“Wèll! yå ngono iku síng tak karêpké. Yèn pancèn kowé sê-visi karo aku, mêsthi aku ora bakal ninggal kowé Dhík. Wís sak iki rampúngna aku péngín Minggu ngarêp wís rampúng. Sanggúp tå?”
“Sêndikå Pak,” ujarku karo manthúk-manthúk.
Aku énggal-énggal ninggalaké ruang kêrjané bós têrús nyêlúk Dhík Wakino wakílku sartó Éndah sékrêtarísku.
Tak jak rêmbugan barêng pêrkårå iki. Awít pancèn wóng loro iku síng dadi nyawaku. Ibaraté Dhík Wakino karo Éndah kuwi think-tank-ku. Sangénggå aku bangêt mbutúhaké bantuané dhèwèké.
“Nèk masalah ångkå gampang diowahi, Mas. Múng síng dadi masalah iki tanggúng jawabé abót awít nyangkút dana síng ora sêthitík,” ujaré Dhík Wakino.
“Nangíng têrús piyé Dhík? Bós wís nêtêpké kudu biså. Yèn ora awakké dhéwé kudu siap ninggalké kantór iki,” sêmaúrku.
Dhík Wakino manthúk-manthúk karo ngulati layar kómputêr íng ngarêpé.
“Yå wís, arêp piyé manèh. Mbók mênåwå iki pancèn résiko pêkêrjaan. Awakké dhéwé kudu siap,” sambungé wóng síng bangêt tak pêrcåyå iku.
*****
Pancèn iki dudu masalah síng ènthèng, awít proyèk iki gungungé mèh nêm bêlas mílyar rupiah.
Síng kudu di-mark up mèh sêpulúh míliar dhéwé. Åpå ora édan-édanan. Nangíng piyé manèh. Aku iki múng bawahan kudu loyal mênyang atasan. Awít yèn ora biså-biså aku dilórót jabatanku.
Kamångkå ngêrti dhéwé kanggo ningkataké karir íng kantór iki ora barang síng gampang.
Awít mèh wólulas tahún anggónku bêrjuang ngrintís karir, wiwít gólóngan têlu A nganti sak iki biså dadi Kasubag sak wijiníng kantór. Mêsthi waé dudu bab síng gampang.
Kåyå aku dhéwé síng wêktu iki kêlêbu ånå bagian síng êmpúk.
Ora sithík síng pådhå kêpéngín biså nglungguhi kúrsiku iki.
Awít pancèn ya nyênêngké tênan. Golèk dhuwít paribasan kêcap waé dadi atusan éwón.
Nangíng ugå mujúdaké bagian síng ånå pucuking êri, yèn ora ngati-ati bisa ndang ngglúndhúng tênan.
“Durúng saré, Pah?” panyénggólé Nani, sisihanku.
Ora tak råså yèn wêktu iki aku nêdhêng ngalamún nèng têras kamar lantai loro.
“Durúng ngantúk, Mah?” sêmaurku karo nyumêt rókók êmbúh síng kêpira mau?
“Sajaké ånå masalah nèng kantór?” pitakóné bojoku síng wís apal lagónku.
Sabên ånå masalah mêsthi tangkêpku dadi séjé karo padatan.
Aku múng manthúk. Têrús sisihanku lunggúh íng sandhíngku.
Awít yèn wís ngono biasané aku têrús critå masalahku marang dhèwèké. Pancèn sak suwéné iki sisihanku síng dadi sparing partnêr-ku.
Dhèwèké kuwi wóng wadón síng istiméwa, sênadyan múng ibu rumah tangga, nangíng otakké ora kalah karo wanita karir.
Ora nggumúnanké sêjatiné sisihanku lulusan sarjana lan mbiyèn tahu dadi dosèn íng univêrsitas swasta.
Múng amargå aku ora kêpéngín bojoku bêrkarir, mula dhèwèké tak kón dadi ibu rumah tangga thók.
Supåyå anak-anakku biså kopèn, nyatané anakku cacah têlu sakiki wís ngancík dhéwåså kabèh, síng mbarêp malah wís mèh lulús såkå univêrsitasé.
***
“Pancèn abót posisi panjênêngan, Pah. Awít iki diléma.
Yèn njênêngan wêgah, mêsthi bakal dilórót. Nangíng yèn pênjênêngan tindakké, abót résikoné,” komêntaré sisihanku sak wisé tak critani pêrmasalahanku.
“Ya kuwi síng gawé bingúngku. Lha trús aku kudu piyé?”
“Yúk awakké dhéwé tahajúd, nyoba nyuwún tuntunan Gusti Allah, såpå ngêrti mêngko njênêngan olèh pêpadhang,” ujaré sisihanku.
Aku manthúk-manthúk têrus wóng loro pådhå tumuju kamar mandhi njupúk banyu wudu kanggo ngrêsiki badan.
Ånå sak jroning tahajúd tak rasakaké kåyå ngåpå jumbal-jumbulé wêwayangan ing alam pikirku. Sênadyan wola-wali tak cobå nyilêmaké wêwayangan iku nanging kråså angèl bangêt.
Sabên-sabên wêwayangané Pak Sêngkuni atasanku kanthi polatan nêsu ngulataké aku. Gonta-ganti karo lapuran proyèk síng kudu tak gawé. Têrús nglambrang manèh wêwayanganku dipêcat déníng atasan.
Têrús ånå gambaran pårå polisi síng têkå ing kantórku têrús mbórgól tanganku.
“Dúh, Gústi Allah…… Kulå pasrah wóntên ngarså padukå!” pambêngókku íng sak jroníng tahajúd. Bubar kuwi aku ngrasakaké pêndêlênganku pêtêng. Aku ambrúk ngambúng karpèt síng dadi lambaran anggónku ngadhêp íng Pangéran.
*****
Ésúk iki Dhík Wísnu têkå íng kantórku karo mènèhaké layang kanggo aku. Tak bukak layang iku tibaké surat pêrintah såkå Pak Sêngkuni supåyå aku mènèhaké proyèk iku marang dhèwèké.
“Sorry lho Mas, aku múng nindakaké dhawúh,” ujaré Wísnu katón pêkéwúh karo aku.
“Ora åpå-åpå, Dhík. Mbók mênåwå kowé luwíh pintêr timbang aku,” ujarku karo mènèhaké bêrkas-bêrkas administrasi proyèk.
Sênadyan ånå kang kóbóng íng dhådhå iki, nangíng tak cobå mêkak hardaníng kanêpsónku.
Mugå-mugå waé Gusti Allah tansah mènèhi kêsabaran marang aku.
Awít såpå wóngé síng ora lårå ati, yèn nèng têngah dalan gawéyané dipasrahké wóng liyå. Pak Sêngkuni pancèn kêbangêtên.
Katóné dhèwèké wís malík imané sak ênggå tégå karo aku síng ora liya anak buahé.
Awan iku aku milíh mulíh gasik, awít yèn tak têrús-têrúské nèng kantór bisa-bisa malah aku dhéwé síng ora kuwat.
*****
Aku wís ngrumangsani yèn karirku mbók mênåwå bakal mêntók. Awít wêktu iki Pak Sêngkuni, atasanku ora gêlêm nyåpå arúh marang aku. Sabên-sabên dhèwèké butúh, mêsthi Dik Wísnu síng diundang ånå kantór. Lan tingkah kang kåyå mangkono mau disêngåjå ovêr acting nèng ngarêpé pårå bawahan.
Aku rumångså korban pangråså. Awít såpå wóngé síng kuwat dipêrlakukan kåyå mangkono. Nangíng aku nyoba sabar. Karo íng batin tansah ndêdongå, mugå-mugå Pak Sêngkuni diapurå dosané déníng Gusti Allah, sartå dibukakaké atiné supåyå ora bangêt-bangêt anggóné nêsóni aku.
Lan sak wijiníng wêktu såpå síng bakal ngirå, yèn kantórku ditêkani polisi pirang-pirang. Wiwitané ruangku síng diprikså, barêng ora ånå têrús ruangé Kêpala Kantór bubar kuwi têrús tak tóntón ånå polisi nganggo sêragam nyêrahaké surat marang atasanku kasêbút.
Tanpa suwålå manèh Pak Sêngkuni diglandhang déníng pêtugas kêpolisian iku.
Awít disinyalír dhèwèké wís mark up dhuwít proyèk nganti sêpulúh miliar. Ora múng Pak Sêngkuni dhéwé, kêlêbu Dhík Wisnu síng kumawani nglancangi gawéyanku.
Lan wís biså diwåcå, íng ngêndi papan Kêpala iku ora tahu salah. Síng salah mêsthi bawahan. Awít ora gantalan suwé Pak Sêngkuni bósku wís mêtu såkå kantór polisi.
Déné Dhík Wísnu ditêtêpké dadi têrsangka. Wisnu wís dadi tumbal ing kantórku, awít dhèwèké kudu mikúl dosané bósku síng wêktu iki múng cukúp dimutasi íng luar jawa.
“Bêgjå sampéyan Pah. Untungé nolak åpå dhawuhé bós mbiyèn,” ujaré sisihanku karo ngrangkúl aku lan nangís mingsêg-mingsêg.
“Gústi isíh njampangi awakku, Mah. Lan kabèh mau uga ora uwal såkå dukungané Mamah,” ujarku.
Ah, pancèn kabèh iki kåyå wís diatúr déníng Gusti Allah. Kåyå aku dhéwé rumångså dislamêtaké déníng Panjênêngané. Coba mbiyèn aku síng nindakaké bab mau, biså-biså aku síng mlêbu kunjaran.

# Kapacak ing http://www.solopos.com

Kangen

Kangen

Dening: Sugiarto B Darmawan

“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kana kae katon pucet? Ora padhang kaya biyasane.”
“Ah… rembulan ing kene sunare kalah karo sunare lampu mercury, Min. Iki kutha gedhe, Min, dudu desa sing sepi lan peteng kaya desane dhewe.”
“Man, geneya awake dhewe ninggalake desane awake dhewe. Geneya, Man?”
Parman ora nyauri pitakon kuwi. Sarmin sing nyelehake sirahe ing dhengkule uga meneng. Angin adhem sumilir alon nerak sepining swasana. Dalan ing sangarepe wengi iku sepi nyenyet. Mung siji loro pit montor sing liwat banter miyak sepining swasana. Sawuse kuwi sepi maneh.
“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kae pucet, Man?” Sarmin takon maneh sawuse meneng sauntara wektu. Parman sing wis wiwit liyer-liyer ngantuk gragapan. Abot rasane arep njawab, dheweke mung bisa mijet-mijet sirahe mitrane mau.
Sarmin saiki siji-sijine mitrane saka desane sing ana sandhinge. Nanging mitrane sing mung keri siji iki saiki gumlethak tanpa daya. Wis meh sepuluhan dina iki lara. Embuh lara apa. Parman ora ngerti amarga durung dipriksakake menyang dokter. Dheweke uga ora ngerti carane kepriye nambani larane mitrane raket kuwi. Sing bisa dilakoni mung ngancani lan mijeti awake sinambi ngerih-erih supaya sabar lan ndonga marang Sing Maha Kuwasa supaya enggal mari.
“Coba rungokna, Man. Rungokna! Rungokna kae bocah-bocah padha nembang Jamuran ing sangisoring sunar rembulan. Ing sangisore wit sawo ing latare pak lurah.Jamuuuran… yo gegethok… jamuuuran… piye teruse, Man? Piye?”
“Elinga, Min! Elinga! Iki ing kutha gedhe, ora ana bocah-bocah sing dolanan jamuran ing sangisoring sunar rembulan. Tontonen kae lampu mercury sing padhang njingglang. Tontonen kae gedhong-gedhong dhuwur sing pating jenggelek. Ora ana bocah-bocah sing dolanan jamuran,” semaure Parman lirih amarga ngantuk.
Rong sasi kapungkur kekarone teka ing kutha gedhe iki. Saka ndesa pengin golek pagaweyan. Miturut ujaring wong akeh golek dhuwit ing kutha gedhe luwih gampang ketimbang ing desa sing mencil ing ereng-erenging gunung ing pinggir alas. Ora lali ijazah SD sing sing ditampa limang tahun kapungkur ya digawa. Sangu dhuwit ora sepiraa kekarone teka ing kutha gedhe iki. Kanggone nom-noman loro iki nyambut gawe apa bae dilakoni, sing baku halal ora nerak angger-angger. Kekarone dadi buruh bangunan. Kekarone wis melu mbangun puluhan gedhong lan melu mblasak ing saindhenging kutha ngetutake juragane proyek.
Kekarone pancen mung duwe tenaga lan otot sing rosa minangka piyandele. Nanging, kuciwane sepuluhan dina kepungkur Sarmin nandhang lara. Mundhak dina larane mundhak ndadra. Sidane saiki nglempreg tanpa daya. Jan-jane Parman pengin ngajak mulih, nanging durung oleh idi palilah saka mandhore, isih disemayani telung dina engkas.
“Man, aku pengin menyang sawah maneh. Macul, nandur pari, matun lan  pengin ngambu gandane lendhut sing anyep ing sikil. Ooo… tontonen kuwi! Tontonen kuwi manuk-manuk kuntul padha nunggangi gegere kebo. Rungokna kuwi kodhok-kodhok sing padha ngorek mbungahi!”
Parman gragapan maneh krungu tembunge kancane iku. Gumun krungu kandhane Sarmin sing lancar, kamangka lagi nandhang lara sing nemen. Parman mijet-mijet awake Sarmin. Krasa panas kaya mawa.
“Nanging… ah geneya rembulan  ing dhuwur kae pucet kaya ngana!”
Parman mandeng langit. Rembulan ing langit kana pancen katon pucet. Dheweke kelingan sore mau Sarmin njaluk metu saka brak sing dinggo turu buruh-buruh bangunan kaya dhewe. Lan saiki kekarone turu ing latar amba ing ngarep gedhong sing durung dadi, saengga langit wengi kang bawera lan kebak lintang ngenthang-ngenthang ing ndhuwure.
“Man, kapan awake dhewe bali menyang desa?”
“Sabar Min. Aku wis oleh idi palilah Pak Mandhor, nanging nunggu telung dina engkas amarga dhuwite bayaran durung ana.”
“Eh, ya. Aku wis kangen banget marang bapak simbok. Aku pengin banget menyang sawah maneh. Mesthi sedhela maneh desane dhewe panen lan ana wayang rasulan, bersih desa. Nanging ah… geneya rembulan ing ndhuwur kae sansaya pucet cahyane.”
“Min, elinga, Min!” aloke Parman lirih lan tambah gumun marang kancane sing ngoceh ora karuwan iku.
“Sesuk esuk manawa srengenge wis mlethek, aku ora kepengin ana kene maneh. aku pengin macul lan ngrungokake swarane manuk prenjak sing ngayer ing papringan. Aku wis ora kepengin ngrungokake swarane montor sing mbudhegi kuping lan sengake bensin sing mlebu ing irung.”
“Ya… ya… aku mangkono uga, Min. Sing sabar ya! Suk yen Pak Mandhor wis menehi dhuwit kowe mesthi tak jak mulih. Kowe bakal ketemu bapak lan simbokmu maneh.”
“Tenan ya, Man?” swarane Parman sing mau lirih saiki dadi rada banter kebak pengarep-arep.
“Tenan, Min! Aku uga pengin macul ing sawah maneh. Ngrasakake anyepe banyu kalen sing mili. Ngrungokake ocehe manuk ing papringan. Nonton wayang lan nyawang bocah-bocah dolanan jamuran,” ujare Parman ngeyem-ngeyemi kancane amarga mesakake nyawang kahanane.
Sajake Sarmin marem, amarga sawise kuwi dheweke banjur meneng. Kahanan dadi sepi maneh. Kadhangkala saka arah brak keprungu swara watuk-watuk lan napas sing sajak abot saka buruh-buruh sing turu kekeselen. Mesthine buruh-buruh kancane mau padha turu kepati nyaur kesel sing disangga sawise sedina muput meres tenaga.
Ing dalan krungu swarane mobil kang ngebut banter. Sawenehing mobil liwat, lan dumadakan saka njero mobil mau kumleyang gendul-gendul minuman keras kang diuncalake, ngantem aspal lan ambyar dadi sawalang-walang. Banjur lamat-lamat keprungu guyune wong sing lagi padha mendem ing sajroning mobil mau. Lan ing emperan gedhong sing durung dadi mau, Parman liyer-liyer nyangga ngantuk. Sirahe Sarmin isih ana pangkone.
“Man, Parman!” lirih Sarmin aruh-aruh. Ora ana jawaban.
“Maaaan!” saiki rada banter.
“Heeemm…  ya. Ana apa?” saute Parman aras-arasen.
“Man, geneya rembulan ing ndhuwur kae katon pucet.”
Parman tambah gumun amarga kancane sing lagi nandhang lara iku takon bab rembulan sing pucet maneh. Rembulan lan sawah. Geneya?
Ah, mesthine Sarmin kangen banget marang desane lan kelingan marang jaman isih cilik nalika saben padhang mbulan bareng-bareng dolanan ana latar kang jembar lan padhang. Parman dadi kelingan jaman nalika isih cilik lan manggon ing desa pinggir alas kana. Bebarengan wong loro angon kebo. Dheweke kelingan nalika kekarone dioyak-oyak Mbah Suta sing kondhang galak amarga kebo-kebone mangani parine Mbah Suta. Menyang sekolah sawise angon kekarone uga bareng, turu ing langgar nganti nyolong pelem ing kebone Pak Lurah uga bareng.
Nanging saiki Sarmin nglempreg tanpa daya. Awake panas kaya mawa. Ya Sarmin sing sregep menyang sawah lan terus bae macul ing sangisore srengenge kang panas. Sarmin sing seneng dolanan jamuran sing sangisoring sunar rembulan. Sarmin sing sadurunge mangkat menyang kutha terus terang kandha marang dheweke manawa kepencut marang Sumini, anake Lik Wongso, lan duwe rencana manawa wis oleh dhuwit sing akeh saka kutha bakal nglamar Sumini. Ah, apa Sumini ngerti manawa saiki Sarmin nglempreg tanpa daya?
“Aku kangen marang sawah lan pengin dolanan jamuran maneh, Man!”
“Ya…ya… aku uga mangkono, Min!”
”Jamuran…ya gegethok…jamuran ya gegethok… Ah nanging geneya mbulane tambah pucet!” grenenge Sarmin.
Sepi sauntara. Hawane sansaya atis. Parman pengin ngajak Sarmin mlebu menyang brak. Nanging…
“Man, apa gelem kowe tak jak munggah menyang rembulan?”
“Oooo… mesthi bae! Mesthi bae!” saure Parman kanthi bingung. Tangane ngelus-ngelus bathuke Sarmin. Panas sing kaya mawa ora mendha-mendha.
“Ohh… Man! Awake dhewe bareng-bareng munggah menyang rembulan. Apa ing kana ya ana sawah lan kebo ya, Man?”
“Ohh… mesthi ana, Min! Mesthi ana!”
“Oohh… senenge manawa mangkono,” lirih kandhane Sarmin. Banjur sepi maneh. Rada suwe, Parman tambah ngantuk.
Bebarengan karo Sarmin, Parman mabur menyang rembulan. Tangane wong loro gegandhengan. Nanging dumadakan ing satengahing dalan tangane Parman uwal saka tangane Sarmin. Parman tiba kumleyang ing langit kang jembar, dene Sarmin terus bae mabur. Mabur. Mabur menyang rembulan. Parman mbengok sarosane nyeluki Sarmin. Nanging Sarmin ora nggape. Lan wekasane awake Parman tumiba ing bumi. Parman mbengok sora. Mripate melek pendirangan. Aahhh… tibake mung impen. Nanging…
Min…Sarmin! Min…Sarmin…!” Parman ngoyog-oyog awake Sarmin sing isih turu ing pangkone. Nanging ora ana wangsulan…

#Kapacak ing http://www.solopos.com 7 Maret 2013

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More