Tumbal
Sêjatiné abót anggónku nindakaké pakaryan iki. Nangíng piyé manèh.
Aku múng sakwijiníng bawahan síng kudu loyal marang atasan. Kamångkå
atasanku Drs Sêngkuni SH MBA wís nginstruksèkaké yèn proyèk iki kudu
di-mark up.
Mbúh piyé carané síng pênting kabèh bisa olèh pangan.
Pancèn iki konsêkuènsiné nduwèni jabatan síng stratêgis kåyå awakku iki.
Tak akóni sakwisé dadi Kasubag Pêngêlolaan Proyèk iki rêjêkiku mbanyu mili. Paribasan nganti kåyå diwènèh-wènèhi.
Nangíng yèn ånå pêrkårå síng kåyå mêngkéné aku ugå kudu wani ndhadhagi.
Awít yèn ora, biså dipêsthèkké yèn tahún ngarêp aku mêsthi bakal dimutasi.
“Wís tå Dík Har, ora sah dipikirké abót-abót. Soal wóng såkå KPK, mêngko
aku síng mback-up wís,” mangkono pangandikané atasanku kasêbút íng sak
wijiníng wêktu nalikå aku ditimbali íng ruangé.
“Síng pêntíng kowé biså ngolah ångkå-ångkå iku kanthi layak.
Masalah liyané mêngko aku síng ngatúr,” sêsambungé Pak Sêngkuni karo ngêpúk-êpúk pundhakku.
“Lha piyé kirå-kirå? Åpå Dhík Har kabótan? Soalé Dík Wísnu wingi ugå
nawakaké arêp nggarap proyèk iki,” ujaré Pak Sêngkuni kåyå ngêrti
kêmrusuhing atiku.
“Oh, mbotên Pak. Kulå taksíh sagah ngayahi piyambak,” ujarku gurawalan.
“Wèll! yå ngono iku síng tak karêpké. Yèn pancèn kowé sê-visi karo aku,
mêsthi aku ora bakal ninggal kowé Dhík. Wís sak iki rampúngna aku péngín
Minggu ngarêp wís rampúng. Sanggúp tå?”
“Sêndikå Pak,” ujarku karo manthúk-manthúk.
Aku énggal-énggal ninggalaké ruang kêrjané bós têrús nyêlúk Dhík Wakino wakílku sartó Éndah sékrêtarísku.
Tak jak rêmbugan barêng pêrkårå iki. Awít pancèn wóng loro iku síng dadi
nyawaku. Ibaraté Dhík Wakino karo Éndah kuwi think-tank-ku. Sangénggå
aku bangêt mbutúhaké bantuané dhèwèké.
“Nèk masalah ångkå gampang diowahi, Mas. Múng síng dadi masalah iki
tanggúng jawabé abót awít nyangkút dana síng ora sêthitík,” ujaré Dhík
Wakino.
“Nangíng têrús piyé Dhík? Bós wís nêtêpké kudu biså. Yèn ora awakké dhéwé kudu siap ninggalké kantór iki,” sêmaúrku.
Dhík Wakino manthúk-manthúk karo ngulati layar kómputêr íng ngarêpé.
“Yå wís, arêp piyé manèh. Mbók mênåwå iki pancèn résiko pêkêrjaan.
Awakké dhéwé kudu siap,” sambungé wóng síng bangêt tak pêrcåyå iku.
*****
Pancèn iki dudu masalah síng ènthèng, awít proyèk iki gungungé mèh nêm bêlas mílyar rupiah.
Síng kudu di-mark up mèh sêpulúh míliar dhéwé. Åpå ora édan-édanan.
Nangíng piyé manèh. Aku iki múng bawahan kudu loyal mênyang atasan. Awít
yèn ora biså-biså aku dilórót jabatanku.
Kamångkå ngêrti dhéwé kanggo ningkataké karir íng kantór iki ora barang síng gampang.
Awít mèh wólulas tahún anggónku bêrjuang ngrintís karir, wiwít gólóngan
têlu A nganti sak iki biså dadi Kasubag sak wijiníng kantór. Mêsthi waé
dudu bab síng gampang.
Kåyå aku dhéwé síng wêktu iki kêlêbu ånå bagian síng êmpúk.
Ora sithík síng pådhå kêpéngín biså nglungguhi kúrsiku iki.
Awít pancèn ya nyênêngké tênan. Golèk dhuwít paribasan kêcap waé dadi atusan éwón.
Nangíng ugå mujúdaké bagian síng ånå pucuking êri, yèn ora ngati-ati bisa ndang ngglúndhúng tênan.
“Durúng saré, Pah?” panyénggólé Nani, sisihanku.
Ora tak råså yèn wêktu iki aku nêdhêng ngalamún nèng têras kamar lantai loro.
“Durúng ngantúk, Mah?” sêmaurku karo nyumêt rókók êmbúh síng kêpira mau?
“Sajaké ånå masalah nèng kantór?” pitakóné bojoku síng wís apal lagónku.
Sabên ånå masalah mêsthi tangkêpku dadi séjé karo padatan.
Aku múng manthúk. Têrús sisihanku lunggúh íng sandhíngku.
Awít yèn wís ngono biasané aku têrús critå masalahku marang dhèwèké.
Pancèn sak suwéné iki sisihanku síng dadi sparing partnêr-ku.
Dhèwèké kuwi wóng wadón síng istiméwa, sênadyan múng ibu rumah tangga, nangíng otakké ora kalah karo wanita karir.
Ora nggumúnanké sêjatiné sisihanku lulusan sarjana lan mbiyèn tahu dadi dosèn íng univêrsitas swasta.
Múng amargå aku ora kêpéngín bojoku bêrkarir, mula dhèwèké tak kón dadi ibu rumah tangga thók.
Supåyå anak-anakku biså kopèn, nyatané anakku cacah têlu sakiki wís
ngancík dhéwåså kabèh, síng mbarêp malah wís mèh lulús såkå
univêrsitasé.
***
“Pancèn abót posisi panjênêngan, Pah. Awít iki diléma.
Yèn njênêngan wêgah, mêsthi bakal dilórót. Nangíng yèn pênjênêngan
tindakké, abót résikoné,” komêntaré sisihanku sak wisé tak critani
pêrmasalahanku.
“Ya kuwi síng gawé bingúngku. Lha trús aku kudu piyé?”
“Yúk awakké dhéwé tahajúd, nyoba nyuwún tuntunan Gusti Allah, såpå ngêrti mêngko njênêngan olèh pêpadhang,” ujaré sisihanku.
Aku manthúk-manthúk têrus wóng loro pådhå tumuju kamar mandhi njupúk banyu wudu kanggo ngrêsiki badan.
Ånå sak jroning tahajúd tak rasakaké kåyå ngåpå jumbal-jumbulé
wêwayangan ing alam pikirku. Sênadyan wola-wali tak cobå nyilêmaké
wêwayangan iku nanging kråså angèl bangêt.
Sabên-sabên wêwayangané Pak Sêngkuni atasanku kanthi polatan nêsu
ngulataké aku. Gonta-ganti karo lapuran proyèk síng kudu tak gawé. Têrús
nglambrang manèh wêwayanganku dipêcat déníng atasan.
Têrús ånå gambaran pårå polisi síng têkå ing kantórku têrús mbórgól tanganku.
“Dúh, Gústi Allah…… Kulå pasrah wóntên ngarså padukå!” pambêngókku íng
sak jroníng tahajúd. Bubar kuwi aku ngrasakaké pêndêlênganku pêtêng. Aku
ambrúk ngambúng karpèt síng dadi lambaran anggónku ngadhêp íng
Pangéran.
*****
Ésúk iki Dhík Wísnu têkå íng kantórku karo mènèhaké layang kanggo aku.
Tak bukak layang iku tibaké surat pêrintah såkå Pak Sêngkuni supåyå aku
mènèhaké proyèk iku marang dhèwèké.
“Sorry lho Mas, aku múng nindakaké dhawúh,” ujaré Wísnu katón pêkéwúh karo aku.
“Ora åpå-åpå, Dhík. Mbók mênåwå kowé luwíh pintêr timbang aku,” ujarku karo mènèhaké bêrkas-bêrkas administrasi proyèk.
Sênadyan ånå kang kóbóng íng dhådhå iki, nangíng tak cobå mêkak hardaníng kanêpsónku.
Mugå-mugå waé Gusti Allah tansah mènèhi kêsabaran marang aku.
Awít såpå wóngé síng ora lårå ati, yèn nèng têngah dalan gawéyané dipasrahké wóng liyå. Pak Sêngkuni pancèn kêbangêtên.
Katóné dhèwèké wís malík imané sak ênggå tégå karo aku síng ora liya anak buahé.
Awan iku aku milíh mulíh gasik, awít yèn tak têrús-têrúské nèng kantór bisa-bisa malah aku dhéwé síng ora kuwat.
*****
Aku wís ngrumangsani yèn karirku mbók mênåwå bakal mêntók. Awít wêktu
iki Pak Sêngkuni, atasanku ora gêlêm nyåpå arúh marang aku. Sabên-sabên
dhèwèké butúh, mêsthi Dik Wísnu síng diundang ånå kantór. Lan tingkah
kang kåyå mangkono mau disêngåjå ovêr acting nèng ngarêpé pårå bawahan.
Aku rumångså korban pangråså. Awít såpå wóngé síng kuwat dipêrlakukan
kåyå mangkono. Nangíng aku nyoba sabar. Karo íng batin tansah ndêdongå,
mugå-mugå Pak Sêngkuni diapurå dosané déníng Gusti Allah, sartå
dibukakaké atiné supåyå ora bangêt-bangêt anggóné nêsóni aku.
Lan sak wijiníng wêktu såpå síng bakal ngirå, yèn kantórku ditêkani
polisi pirang-pirang. Wiwitané ruangku síng diprikså, barêng ora ånå
têrús ruangé Kêpala Kantór bubar kuwi têrús tak tóntón ånå polisi
nganggo sêragam nyêrahaké surat marang atasanku kasêbút.
Tanpa suwålå manèh Pak Sêngkuni diglandhang déníng pêtugas kêpolisian iku.
Awít disinyalír dhèwèké wís mark up dhuwít proyèk nganti sêpulúh miliar.
Ora múng Pak Sêngkuni dhéwé, kêlêbu Dhík Wisnu síng kumawani nglancangi
gawéyanku.
Lan wís biså diwåcå, íng ngêndi papan Kêpala iku ora tahu salah. Síng
salah mêsthi bawahan. Awít ora gantalan suwé Pak Sêngkuni bósku wís mêtu
såkå kantór polisi.
Déné Dhík Wísnu ditêtêpké dadi têrsangka. Wisnu wís dadi tumbal ing
kantórku, awít dhèwèké kudu mikúl dosané bósku síng wêktu iki múng cukúp
dimutasi íng luar jawa.
“Bêgjå sampéyan Pah. Untungé nolak åpå dhawuhé bós mbiyèn,” ujaré sisihanku karo ngrangkúl aku lan nangís mingsêg-mingsêg.
“Gústi isíh njampangi awakku, Mah. Lan kabèh mau uga ora uwal såkå dukungané Mamah,” ujarku.
Ah, pancèn kabèh iki kåyå wís diatúr déníng Gusti Allah. Kåyå aku dhéwé
rumångså dislamêtaké déníng Panjênêngané. Coba mbiyèn aku síng nindakaké
bab mau, biså-biså aku síng mlêbu kunjaran.
# Kapacak ing http://www.solopos.com
0 komentar:
Posting Komentar