Sesuk Wis Riyaya
Olehe mancal sepedhah disepud. Daya-daya tekan omah cet ijo duweke
kancane dhek ana ing SPMA biyen. Marga lintange sumunar, Kirja bisa dadi
kepala LP3. Marga Supirah, dheweke ora bisa nerusake sekolah kaya
Kirja. Dina-dina sekolah dianggo sir-siran bae. Nganti nunggak rong
taun. Wong tuwane bosen ngragadi, banjur ora dikirimi dhuwit kanggo urip
ana kutha. Dheweke metu saka sekolah jalaran rupa-rupa. Marga pancen
aras-arasen ngadhep buku. Marga aras-arasen ninggal kalumrahan saben
malem minggu. Marga ora bisa mbayar sekolah lan, sing wigati dhewe,
marga durung nganti dheweke ngerti ambaning jagad, keselak kedhisikan
Supirah ana isine. Kepeksa dheweke kudu ngadhepi pak Umar sing yen
mendelik mripate sasat ngenciki idep lan yen mecucu nganti irunge
ditalib lambene sing njeber.
‘Dadi wong lanang aja mung bisa gawe anak! Nyambut gawea! Dadi makelar
karcis, dadi matrus! Dadi kuli setasiyun, apa luru utis! Kabeh kuwi
pagawean. Sapa kuwat, yen saben dina kudu ngingoni anakmu, bojomu lan
kowe dhewe! Ajaa kowe umuk yen arep dadi sinder, ora bakal Supirah.
dak-wenehake kowe.’Rembuge maratuwane sing pedhes kaya ngono kuwi wis
bisa ditadhahi ing sadina-dinane, sarana direwangi mbudheg lan micak
abandha ndableg wareg. Sing baku kanggone dheweke, Supirah isih tresna
banget marang dheweke. Yen dirasa ora ana wanita bisa nandhingi Supirah.
Sabar lan wicaksana. Nanging sajake sabare lan wicaksanane sisihane iku
nganggo wates. Bareng anake wis telu, Supirah wiwit bosen meruhi
kahanane sing lanang. Supirah wiwit krasa yen dheweke iku wong ayu sing
siyal, wong ayu sing ora kasinungan pulung becik. Saupama dheweke ora
entuk Wagianta, ayak bae dheweke bisa dadi ibu camat. Bisa dadi ibu
direktur. Malah bisa uga, saupama dheweke ndherek paklike urip ing
Jakarta, bisa uga dadi ibu menteri, ibu jendral, lsp. Banjur ing
dina-dina candhake dheweke wiwit tiru-tiru bapakne. Bojone wiwit didoli
ulat. Bareng disangat Wagianta wiwit ketara wedi, olehe adol ulat
diimbuhi nganggo adol lambe pedhes:
‘Jare wong lanang iku pengayoman, mas. Nanging piye olehmu bisa dadi
pengayoman yen kowe dhewe isih njaluk diayomi maratuwa? Pa ra isin ta,
mas? Ingatase kowe kuwi wong lanang, nganti panganmu dijuju wong liya?’
Iya wiwit kahanane Supirah kaya ngono iku Wagianta banjur eling yen
dheweke duwe sipat lanang kang kudu manggul tanggung jawab gedhe.
Dheweke kepengin cekel gawe kang metoni misil. Nanging apa sing bisa
ditindakake? Macul dheweke ora godhag. Ngejibake keahlian, dheweke mung
bisa gawe layang katresnan tumrap kenya. Ngejibake ijazah, dhe¬weke mung
ngantongi ijazah SMP swasta. Kantor ngendi sing bisa nampa dheweke
sarana sangu ijazah saka sekolahan partikulir iku? Nalare Wagianta
jibeg. Pepet. Luwih-luwih bareng dhek wingi sisihane nangis ana kamar,
nangisi anake sing nomer loro,
‘Suk mben wis Riyaya. Apa kowe ra duwe utek?’ ngono wangsulane sisihane
canthas bantas lan kejem. Pancen swara kaya ngono iku kejem banget
tumrap Wagianta. Awit durung tau Wagianta nampani pisuhan kang kasar
saka sisihane.
‘Sabar ta, bu! Sarehne awake dhewe isih kaya ngene …’ ‘Aku ora apa-apa.
Jarit gantung-kepuh ya ben. Tapi anakmu iki piye? Coba gagasen! Kabeh
bocah isine omah iki padha salin penganggo. Anake yu Pitri wis dicukupi
bapakne, isih nampa maneh saka embahne.’
‘Engko mbahne rak iya mikir?’ Wagianta ngrai gedheg. ‘Wingi bapak wis
kandha, bocah-bocahe dhewe ora arep disandhangi. Bosen jarene. Saben
dina kudu mikir pangane. Saben dina kudu mikir sekolahe. Kathik saben
taun kudu mikir sandhangane. Mangka putune sing liya-liya durung tau
dislikuri. Pancen sing kebangeten bapakne Mamat. Olehe ora idhep isin.’
Sepedhah iku dipancal terus, luwih cepet. Sajatine dheweke wis isin yen
kudu teka maneh menyang omahe kancane iku. Awit wis kekerepen dheweke
mrono. Lan saben mulih saka kono mesti disangoni. Nganti bojone Kirja
tansah pasang ulat peteng janji weruh ketebange Wagianta. Malah wis tau
Wagianta rumangsa diusir cara alus dening garwane kepala LP3 iku:
‘Nuwun sewu, dik. Menika jam ngaso kanggenipun mas Kir. Yen penjenengan
rantos mengke kedangon. Langkung sae benjing-enjing kemawon wonten
kantor. Yen badhe wonten kaperluan, saged dipunetang cara dines.’
Sawise kandha kaya ngono bojone Kirja iku mlebu omah terus ora bali-bali
maneh. Banjur keprungu swarane sing canthas. Sanadyan swara iku kanggo
abdine, nanging sajake ditujokake kanggo Wagianta: ‘Bola-bali kowe
dak-tuturi ya, Dar. Yen medhayoh aja yah mene iki, wayahe wong madhang.
Engko rnundhak dikira aku ra isa nyuguhi kowe. Aku ngerti kowe tuman
krasan. Marga angger sowan pak Sindu balimu ajeg disangoni, rak iya ta?
Dadi wong ki mbok aja seneng njagakake pawehe liyan.’
Oooh, yen kelingan kuwi kabeh. Wagianta kaya-kaya nibakake ipat-ipat ora
bakal ngidak omahe Kirja. Nanging bareng dheweke kelingan nasibe anake
sing telu iku? Mendah kepriye nalangsane yen sesuk kuwi usume kancane
padha nyandhang nganggo apik, usume putune pak Umar padha teka kanthi
manganggo sarwa gumebyar, banjur mung anake dhewe sing kepeksa singidan
paturon jalaran sandhangane ora ganti.
‘Ing ngarepe Kirja mengko aku arep nangis. Aku arep njaluk gawean
sakecandhake, waton baliku mengko disangoni sandhangan kanggo anakku,’
ngono batine Wagianta sadalan-dalan. Ora ketang mengko dheweke dikon
ngangsu jedhing, dikon mbabadi suket ing petamanan, apa dikon nguras
kakus, arep ditemah. Waton kanggo Riyaya sesuk iku anake bisa salin
panganggo, bisa campur kancane lan bisa melu ngesemi dina Riyaya kang
dadi pangarep-arepe umat Islam lan dadi pethingane kabeh bocah cilik.
Nanging sanadyan tekade saka ngomah wis kepleng, arep nangisi kan¬cane
sing becik bebudene iku, bareng dheweke wis manyuk ing ngarepe omah cet
ijo iku atine grag-greg. Sumawang ing angen-angene rupa lan wujude
wanita sing tau nglarani atine. Sumawang ing angen-angene polatane bu
Kirja olehe precang-precing kaya wong kebelet ngising angger weruh
tekane Wagianta. Sumriwing ing kupinge kepriye panyembire wa¬nita iku
marang dheweke sewulan kepungkur. Rada sawetara menit Wagi¬anta mandheg
ing ngarep gapurane omah cet ijo iku. Bareng wis ana keplenging tekad,
kandeling karep, Wagianta banjur nuntun sepedhahe digawa mlebu menyang
platarane omah cet ijo iku. Omah iku tutupan. Wagianta uluk salam.
Nanging nganti lambene amba, lawang iku panggah tutupan. Kupinge
dijereng, nanging babar pisan dheweke ora krungu mingseding sikil
jumangkah apa lambe obah.
‘Madosi sinten, pak?’ ana pitakon saka iringan omah. ‘Pak Kirja menapa wonten?’
‘Oh, pak kepala ingkang rumiyin? Kalih minggu kapengker pindhah dhateng Madiun.’
‘Lajeng dalem menika?’ pitakone Wagianta nglokro lan kumrungsung.
‘Dipundalemi pak Kurmin, kepala enggal. Tiyang menika dalem dinas.’
‘Becike aku dak sambat wong sing durung dak-tepungi iki. Kiraku luwih
utama lan ora bakal ngadhepi wong nyembir-nyembir lan adol ulat peteng,’
ngono etungane Wagianta. Sarana etungan iku dheweke banjur kandha
marang tukang kebone dalem iku: ‘Menapa kula saged pinanggih pak
Kurmin?’ ‘Tindak Magelang,’ wangsulane wong lanang iku cepet.
Kaya njerit-njerita Wagianta mikir lelakone dina iku. Tiwas adoh-adoh
ditempuh sarana sepedhah. Tiwas dheweke ngadhepi ulat peteng saka
maratuwane, jalaran nyilih sepedhah iki mau. Jebul bareng tekan
panggonan sing dituju, ketemu suwung. Mendah kepriye unine maratuwane
mengko yen lungane dina iki ora nemu asil apa-apa. Mangka wis kadhung
disilihi alat kanggo mlaku adoh.
Durung yen ngadhepi tangise anake sing takon panganggone. Awit dhek
mangkat mau esuk, dheweke pamitan arep nggolekake sandhangane kanggo
Riyaya sesuk. Bojone sing dhek mau ngiringake lungane kanthi kebak
pengarep-arep:
‘Muga-muga usahamu asil, mas, ben ora banget-banget nalangsaku mikir
bocah-bocah!’ pisan iki mengko mesthi bakal nangis lan ngudamana maneh
yen tekane ora mondhong welingane anake, sandhangan telung pangadeg.
Saka pepeting nalare, dhasar ing sadalan-dalan Wagianta ketemu wong ibut
tata-tata ngadhepi tekane wulan suci iku, dheweke banjur ketemu nekade.
Tinimbang ditangisi anake, pisan gawe ditekadi geger karo maratuwa. Toh
upama dheweke bali wutuh, iya meksa digremengi. Aluwung mesisan
sepedhah iku didol. Karuwan olehe arep ngadhepi. Diajara dening wong
tuwane Supirah arep ditemah, waton anake ora kecuwan, waton sisihane ora
kegelan. Nanging menyang endi olehe arep ngedol sepedhah iku? Sesuk wis
dina Riyaya. Kathik saiki wis sore, pasar sepedhah mestine wis tutup.
Didol menyang pedesan sapa sing arep nuku sepedhah ana sungapaning wulan
Lebaran iki?
Dhek mangkate mau sepedhah digenjot sakatoge. Bareng baline, olehe
medhal ketara alon banget, jalaran uteke ora kanggo nyetir tenaga kanggo
mancal sepedhah, nanging kanggo mikir menyang endi olehe arep ngedol
sepedhah iku. Puputing pikiran ora ana dalan liya kejaba kudu urusan
karo pak Itok, nyilih dhuwit anakan diwenehi kapercayan sepedhah. Bareng
kelingan pak Itok, olehe medhal disepud. Dheweke kepengin tekan omahe
pak Itok sadurunge asar. Dadi dheweke bisa bali maneh menyang kutha sing
iki mengko bakal kliwatan perlu nukokake klambi anak-anake. Te¬kan
omahe pak Itok wis meh surup. Ewa semono ditekadi bae. Dheweke mlebu
terus bablas bae ketemu pak Itok.
‘Endi sepedhahe?’ pitakone wong bungkik iku kemaki karo nglirik sujana
marang mantune pak Umar sing ora gableg pegawean maton iki. Wagianta
ngeterake pak Itok menyang panggonan panyelehe sepedhah. Pak Itok rada
gragapan bareng weruh sepedhah Simplex duweke pak Umar iku. Wis suwe
dheweke ngesir sepedhah iku, nanging pak Umar wis tau blaka ora arep
ngedol barang tinggalane sedulure sing wis ora ana kuwi. Ndadak saiki
mantune mara arep utang duwit sarana paseksen sepedhah sing dipengini.
Pak Itok yakin yen mantune pak Umar iki diutangi dhwit sepuluh ewu,
mesthi ora bisa mbalekake. Lan sepedhah iki bakal klakon dadi duweke
sarana rega murah.
‘Kowe butuh dhuwit pira, le?’ pitakone pak Itok ngaya. ‘Kalih dasa,’
wangsulane Wagianta kumendel. ‘Ayo mlebu ngomah sik. Ora pantes etung
butuh ana latar.’ Wong loro iku runtung-runtung mlebu ngomah kaya
patrape sedulur kang ketemben pethuk.
‘Aku jane welas karo kowe kuwi. Anak akeh ora nyambut gawe. Mangka sesuk
wis ariyaya, mestine kowe butuh kanggo sandhangane anak-anakmu, rak iya
ta?’ ‘Leres, mak-dhe.’
‘Ning ya aja akeh-akeh lehmu njaluk dhuwit. Engko nek ora isa mbalekake
kepiye? Rong puluh ewu ki jajanane sewu sedinane. Pa kowe kuwat?’ ‘Niku
urusan kula, mak-dhe. Samang boten sisah tumut mikirake. Nek kula boten
kiyat nyaur barange samang jabel, rampung ta.’ ‘Sepuluh wae ya?’
Wagianta ngerti glagate pak Itok sajake ngiler banget weruh sepedhahe
maratuwane iku. Mula dheweke niyat ngentel. Pikirane, yen dheweke ora
bisa mbalekake, ateges sepedhah iku ora sapira rugine, marga ing pasaran
bisa payu telung puluh munggah.
Pokoke kula nedhi kalih dasa, mak-dhe.’
‘Wis ta, lima-las bae. Jajanane mengko diwenehi miring, satus seket
sedina. Nanging nek seminggu kowe ora bisa mbalekake, ateges sepedhahmu
ilang, piye?’
Wagianta wis meh mantuk nalika saka njaba ana wong uluk salam. Wong loro
iku noleh. Wagianta kaget bareng dideleng jebul Isbandi, sedulure ipe
karo mitra tanggane.
‘Byuh, sedina muput lehku nggoleki, dhik. Bul ketemu ing kene. Pama aku
ora apil sepedhahe bapak mana, ayake durung isa ketemu,’ ngono Isbandi
kandha karo mapan lungguh.
‘Kadingaren menus iki sumeh,’ ngono batine Wagianta. Banjur sing kawetu: ‘Ana apa, dhik?’ ‘Ana tamu saka Majakerta.’
Wagianta kaget banget bareng dikandhani yen ana tamu saka kutha
kelairane. Mangka wiwit dheweke disuwak kirimane lan banjur lepas
sekolahe nganti dheweke rabi lan duwe anak telu, niyate pancen wis emoh
ngancik tanah kelairane. Dheweke rumangsa dikipatake dening kulawargane.
Mula arepa dikaya ngapa dheweke emoh nggepok senggol wong atuwane.
Nanging bareng saiki dheweke dhong kebuntel nalar kerepotan butuh, ana
kabar yen ana tamu saka Majakerta. Kaya wong sekarat ditelkani
malaekating panguripan, Wagianta ngadeg nyat mawa polatan sumunar. Tanpa
kakehan tembung dheweke banjur mak kluyur metu terus bablas marani
sepedhahe.
‘Lhoo … Iho … etunge piye, dhek?’ pitakone pak Itok ngaya ngemu rasa cuwa.
‘Pun boten enten etungan wangsulane Wagianta karo wiwit nyengklak sepedhah.
Ngaya olehe mancal pedhal. Daya-daya kepengin enggal nemoni sapa tamune
saka Majakerta iku. Nitik Isbandi ketara sumeh marang dheweke, tamune
Wagianta iku mesthi akeh olehe nggawa oleh-oleh.
Temenan. Lagi bae Wagianta mlebu pekarangane omah, ing ngarep lawang
maratuwane wis mapag karo ngguya-ngguyu. Maratuwane wadon, sing ora pati
sugih gunem, nanging yen kadhung muni-muni nglu¬wihi wong tengah pasar,
uga melu-melu mapag.
‘Byuh, sedina muput masmu lan adhimu nggoleki kowe Iho, le. Pa ra ketemu
Is?’ pitakone maratuwa lanang. ‘Tesih wonten wingking. Eh … sinten
tamune, pak?’ ‘Bapakmu sekaliyan. Iki mau isih nggiring putu-putune
menyang kutha. Bojomu sing ndherekake.’
Nganti ora bisa ngampet wetuning eluhe, Wagianta nampani kabungahan sing
tanpa upama iku. Bungah jalaran maratuwane sing saben dina nganggep
dheweke kaya dene kere munggah mbale, saiki ketara ngrengkuh dheweke
ngluwihi anak bupati. Bungah, jalaran wong tuwane gelem ngurusi dheweke
lan nglacak dheweke nganti tekan padesan ing pucuking gunung iki. Lan
luwih saka iku bungahing atine, awit anak-anake sesuk mesthi sida melu
riyayan.
Kabungahane Wagianta ditekani wong tuwane, bisa nyirep pegeling atine
marang wong tuwa loro iku. Luwih-luwih bareng dheweke klakon dirangkul
lan ditangisi dening ibune. Banjur ndeleng ora mung anak-anake bae sing
disandhangi dening wong tuwane. Bojone iya pamer yen dheweke ditukokake
sandhangan lan giwang kalung. Kanggo dheweke dhewe ana bageyane sing
ngluwihi etungan. Nganti Wagianta krasa kuwowogen nampani pawehe wong
tuwa.
‘Aku krungu saka Kirja yen kowe urip kesrakat ana kene,’ ngono kandhane
bapakne sawise kangen-kangenan. ‘Kirja?’ pitakone Wagianta kaget.
‘He-eh. Jarene dheweke kancamu sekolah. Saiki dadi sinder ana Madiun.’ ‘Apa dheweke menyang Majakerta?’
‘He-eh. Aku disangoni dikon ngendhangi kowe. Karo kandha blaka suta yen
kirimanku marang kowe saben wulan dhek isih padha sekolah kae disebrot
dheweke. Malah tandha tanganmu dipalsu. Maune aku meh nesu lan arep
daktuntut. Nanging bareng dheweke duwe kesanggupan bakal ngangkat kowe
kareben bisa nyambut gawe, aku iya banjur mupus. Mbokmenawa lelakonmu
pancen kudu kaya ngono. Malah Kirja banjur ngadhopsi aku diangkat dadi
wong tuwane kanggo gantine wong tuwane sing wis swargi.’
‘Layak dheweke tau njaluk tulung aku, nulisake layang kanggo wong
tu¬wane lan kandha yen kiriman saka wong tuwa wis ditampa!’ wangsulane
Wagianta karo angluh. ‘Dheweke meling supaya kowe teka menyang Madiun
sawise Riyaya iki.’
Wagianta manthuk sumringah, kaya sumringahe dina sesuk bakal tekane Ariyadi.
***
Majalah Mekar Sari No. 16, Oktober 1974.
Esmiet lahir ing Mojokerto, 20 Mei 1938. Tilar donya 4 Agustus 2003 ing Banyuwangi
0 komentar:
Posting Komentar