Katresnan Bisa Semi Ing Sadhèngah Papan
Dening: Arswendo Atmowiloto
Urip ana paran kaya dénéJakartaiki kanggoku susah. Sepisan: susah
mangané. Karepku mono mangan sing murah nanging cocog. Ya merga ilatku
kulina sega lemes kaya Sala, kepeksa rada njondhil ngrasakaké sing yèn
ana ngomah tampikan merga pera. Apa manèh lawuhé sarwa pedhes. Jan,
nyepetaké kuru!Mula kerep waé aku dadi kenès lan keladuk kecangkeman, yèn pinuju mangan ing warung. Sing dadi langgananku mau: sawijining warung sing saliyané kemproh yèn nggoreng tahu ora tau mateng, mesthi setengah mateng. Kamangka karemanku tahu garing. Ning ya kepeksa, aku ajeg ing warung mau, apesé sedina sepisan utawa kaping pindho yèn pinuju ora kantoran. Jer pancèn kudu diirit-irit; dhuwit cupet.
Ora pisan ora pindo aku kepéngin ganti warung. Ning ya sok wegah, amerga warung liyané adoh. Karo manèh yèn pinuju mangsa rendheng ngéné dalané sing durung aspalan iku malih kaya jenang lemu. Sing ngéwuhaké lan ngganggu atiku satemené ora mung warung kemproh lan nggorèng setengah mateng. Ana manèh. Ya kuwi réwangé: bocah wadon, sing yèn aku teka dadakan dadi ribut ngladèni. Kesusu nyepakaké gelas, nyepakaké ès batu; senadyan aku ora njaluk, nadyan udané deres. Yèn ayu ngono aku ora ngrembug dawa. Ndilalah réwangé wadon mau ana sing ‘ora bèrès’, miturut istilahé kancaku tunggal pondhokan. Sing dikarepaké: pawakané sing cendhèk lemu impeg-impeg; lan, lambéné ora persis ana ngisor irung, rada mèncèng watara seméné sènti.
Satemené aku welas. Satemené aku simpati marang cacadé. Ya merga nduwé rasa welas mau kadhangkala aku nyawang dhèwèké. Kanthi ora dakrasa aku seneng nyawang saparipolahé. Iki njalari panyawangé tempuk karo panyawangku. Kerep banget. Lan ora mung sadhetik rong dhetik: adakané panyawangé luwih kendel, luwih langsung. Aku wiwit krasa yèn ana sing ora bèrès. Luwih-luwih yèn ngèlingi sikepé sing malih, sing ndadra. Yèn aku mangan dhèwèké dadi ibut ing sandhingku. Endi sing nyrebèti gelas endi sing ngirisi brambang, utawa ngelus-elus jèngkol. Wah terus-terang iki gawé rèpot.
‘Apa aku kagedhèn rumangsan?’ aku kepeksa nakoni mitraku sapondhokan.
‘Alaaa, ora apa-apa waé, sababé ya ngono.’
‘Sabené ya bikut ngono?’
‘Toh sing mangan ing warung, sing lanang ora mung kowé dhéwé.’
‘Apa kowé ngerti dhéwé dhèwèké mung bikut ing sandhingku?’
‘Ora.’
‘Lha dalah, géné ora ngerti dhéwé.’
Aku tetep njaluk keterangané. Njaluk lan kepéngin ngertèni panyawangé mitraku iki.
‘Piyé? Aku gedhèn rumangsan apa pancèn ana sing ora bèrès?’
‘Rèpot ah!’
Saiki daktamataké. Tenan! Pangrasaku ora kena dakgorohi. Dhèwèké tetep bikut ing sandhingku. Malah nganggo jerit barang, mbok menawa karepé omong nganggo basa dhaèrahé. Nanging ya kuwi mau lambené ora bener. Dadi rumangsaku mung njeriit lan tuding-tuding.
Sawijining soré, takniyati tenan. Aku mangkat karo mitraku. Arep tak buktèkaké, apa bener apa ora. Wiwit mlebu aku nyawang dhèwèké. Lan dhèwèké ganti nyawang aku. Aku isan-isin. Satemené yèn dhèwèké rumangsa daktamataké cacadé, harak aku disengguh ngécé. Dhèwèké ribut lan malah saiki jèjèr, lungguh njèjèri. Ngudubilah!
‘Wah,’ ngono panjerité, beneré omongané basa Indonesia sing èlèk banget pangucapé, ‘apa mas Jamikun mau jadi suami saya?’
Aku kudu bisa tentrem. Ati kéné goreh, nanging sirah ora gèsèh kalayan lambé.
‘Aku wis duwé sisihan. Aku wis ora jaka.’
‘Tidak apa. Saya mau dimadu.’ Nèkad temenan.
‘Aku wis duwé anak. Akèh anakku.’
‘Tidak menjadi apa. Asal mas mau nikah dengan saya. Saya tidak minta blanja, tidak minta duwit. Saya bisa bekerja.’ Omongan nrocos, tangané tekuk-tekukan dhéwé lan rainé dadi mbabrak abang. ‘Kalau mas maunya sebentar saja, juga boleh. Saya mau jadi isteri sebentar.’
‘Absurd! Généya iki bisa kelakon?
Apa aku bisa njlèntrèhaké marang dhèwèké menawa aku duwé sisihan sing bekti lan nresnani aku? Sing gelem dak tinggal kluyuran menyangJakarta lan durung mesthi antuk dhuwit? Kamangka mesti opèn-opèn anak pirang-pirang? Lan siji-sijiné males katresnané mung mangèrteni kasetyan lan bektiné?
Katresnan pancèn bisa semi ing ngendi waé. Atiku kaya didhodhog alu gora. Nanging mitraku njegègès waé. Nalika mulih saka warung dhèwèké nggoda: ‘Apa ora becik yèn jenengmu ganti Jamikun waé?’
***
Kumpulan Cerkak Pilihan 1, 1975
0 komentar:
Posting Komentar